Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
186 dari 234
1.107–1.108 dari 1.487
11.069–11.078 dari 14.865
186.040 | inggih yayi dipun aglis | Radèn Malayakusuma | lèngsèr samana praptèng jro | tundhuk lan radèn apatya | alon dènnya atanya | pangeran punapa sampun | rawuh anèng paregolan || |
186.041 | inggih dangu dènnya prapti | rahadèn patih ngandika | radèn wangsula mring regol | pan sampun winêkas-wêkas | sigra wangsul Rahadyan | Malayakusuma tundhuk | mring Pangeran Têpasana || |
186.042 | Malakusuma angling |[1] kakang mas rama andika | inggih wau timbalane | dika matur ing pangeran | kula todhi ing manah | dènira suwitèng ratu | masalahing katêmênan [24: 9] || |
186.043 | kalamun si botên osik | ing mangke kula gêgila | inggih têmên pangwulane | pangeran ing Têpasana | kagyat anglês ing nala | yayi mung sariraningsun | punapa kenging panggiha || |
186.044 | lan pun paman adipati | kawula arsa prasêtya | malah kasusu ature | inggih ta wontên punapa | nanging ta kakang êmas | paduka atilar dhuwung | yèn panggih rama andika || |
186.045 | yèn taksih angagêm kêris | yêkti rama jêngandika | akathah sănggarunggine | angling Pangran Têpasana | inggih dawêg yayi mas | katura puniku dhuwung | wus tinampan ing rahadyan || |
186.046 | apan ta wau kang rayi | Rahadèn Jayakusuma | awrat pocote dhuwunge | kang raka alon ngandika | hèh yayi aturêna | nêdya punapa puniku | ran dhèwèk tan sêdya ala || |
186.047 | mara aturna tumuli | kêris marang rayi para | apan yayi raganingong | pan ora agawe ala | nulya Jayakusuma | angaturkên dhuwungipun | ing Radèn Mlayakusuma || |
186.048 | sigra Ki Mangunyudèki | kalawan Ki Surayuda | wus kinêjèpan kalihe | nubruk Pangran Têpasana | lawan Jayakusuma | kalihe sampun kapikut | saksana nulya kabêsta || |
186.049 | jăngga sampun dèn tangsuli | datan sagêd tumungkula | pan sampun dèn prênahake | munggèng surambining langgar | sajroning paregolan | kinubêng ing baris agung | prajurit ing kapatihan || |
1.107–1.108 dari 1.487
1 | Kurang satu suku kata: Malayakusuma angling. (kembali) |