Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
186 dari 234
1.106–1.107 dari 1.487
11.056–11.065 dari 14.865
186.027 | samana wus animbali | Ki Tumênggung Surabrata | lan kinèn milihi kang wong | bêcik-bêcik dèn gawaa | tan adangu wus prapta | ing kapatihan wus tundhuk | rahadèn patih ngandika || |
186.028 | hèh yayi ing Pranaragi | wongira kang pêpilihan | prênahna pipining regol | lan padha aling-alinga | ing kajang uran-uran | nuruta pinggir [24: 7: ping...gir] batagung | padha ngagêma talêmpak || |
186.029 | kang baris pêndhêm ing jawi | wong kapatihan nèng jaba | Surajaya kêkasihe | kalawan Si Surabăngsa | Srundiya Surayuda | lawan Surawadanèku | kalawan Nilasaraba || |
186.030 | wong kapatihan jro baris | amêndhêm ing palataran | wong Sêcanirbayarane | lawan wong Jayamênggala | lan wong Jayaparusa | lan wong Jayaantakèku | lawan wong Sêcanirmala || |
186.031 | lan wong Tanpagêmbung nênggih | kalawan wong Tanparaga | wong Narantaka malihe | kalawan wong Jayèngraga | Jayènglatri kalawan | wong kapêtêngan puniku | anyatus salurahira || |
186.032 | kapêtêngan kang nglurahi | anênggih Suradigdaya | lan Mangunonêng sisihe | baris jroning paregolan | radèn patih ngandika | marang ing Radèn Tumênggung | Surabrata Pranaraga || |
186.033 | dika nèng regol anênggih | yèn Pangeran Têpasana | prapta andhêgên nèng regol | yèn andika tinakonan | ngakua bantu ing prang | mring Arya Pringgalayèku | nganggoa kaprajuritan || |
186.034 | padha kubêngana kursi | kiwa têngên paregolan | lan dokokana tuk gêdhe | iku dadi kanyatahan | kalamun Si Kapitan | Langpèl arsa amartamu | wau ingkang kawuwusa || |
186.035 | Radèn Mlayakusumèki | lan Pangeran Têpasana | mangkat saking ing pakuwon | praptèng dalêm kapatihan | kèndêl ing paregolan | tata [24: 8] nèng kursi alungguh | lan Tumênggung Surabrata || |
186.036 | pangeran kagyat ningali | ing Rahadèn Surabrata | asmu sandea manahe | dènnya busanèng ayuda | dadya pangeran tanya | punapa kakang tumênggung | angangge kaprajuritan || |
1.106–1.107 dari 1.487