Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26 dari 234
140–141 dari 1.487
1.396–1.405 dari 14.865
| 026.026 | ya ta wau jaluk warih | kaki gêlap tan sinungan | maring sakèhing kang nonton | ajrih undhange sang nata | ya ta sang nini tuwa | angulungi banyu bêruk | tinampan marang ki gêlap || |
| 026.027 | nuli ingombe tumuli | kang toya mring kaki gêlap | sarêng kalêbu toyane | anulya mêsat ki gêlap | jumêgur swaranira | kunjara wêsi wus mawur | kang gêlap pan sampun sirna || |
| 026.028 | mantuk kayangane malih | kaki gêlap nini gêlap | mapan ta barêng lungane | mulih dhatêng asalira | ya ta ingkang kocapa | Ki Agêng Sêsela wau | sampun mantuk wismanira || |
| 026.029 | wontên ta kocapa malih | anênggih dhêdhalang pruwa | Ki Bicak iku wastane | dhêdhalange Sultan Dêmak | amèn dhatêng Sêsela | cinatur rabine ayu | punjul saking ing akathah || |
| 026.030 | lanang wadon angrasani | rabine dhêdhalang prawa | dene ta [4: 5] ayu rupane | sami angalêm sadaya | sakèhe kang tumingal | ya ta awusana katur | dhatêng Ki Agêng Sêsela || |
| 026.031 | pawèstri dipun tingali | dhatêng Ki Agêng Sêsela | samana giwang manahe | mulat ing suwarnanira | karsa dinamêl garwa | saksana ing enjingipun | pinêpaksa[1] wong Sêsela || |
| 026.032 | dhêdhalang kinèn mêjahi | pan rinêbat ingkang garwa | pêpak wong Sêsela kabèh | dhêdhalang prawa wus pêjah | kinêmbulan ngakathah | sampune Ki Bicak lampus | bêndhene lan rabinira || |
| 026.033 | katur sadayane sami | mring Ki Gêdhe ing Sêsela | miwah ringgit lan bêndhene | ya ta bêndhe tiningalan | sarêng wau katingal | punang kêkêmpul pinundhut | mring Ki Agêng ing Sêsela || |
| 026.034 | kalangkung rêsêp ing ati | punang bêndhe winastanan | Kiyai Bicak wastane | kabêkta araning dhalang | sêsampuning mangkana | apan mantun karsanipun | maring rabine ki dhalang || |
| 026.035 | sampune Ki Bicak kêni | kalangkung sukaning nala | saking pamawaning bêndhe | apan mantun darbe karsa | mring rabine ki dhalang | wus lami mangke winuwus | punang bêndhe ingestrenan || |
140–141 dari 1.487
| 1 | pinapêksa. (kembali) |