Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26–27 dari 234
143–144 dari 1.487
1.426–1.435 dari 14.865
| 026.056 | wong têtiga sarêng ngaji | mring Susunan Kalijaga | pan sami tunggal paguron | lawan Adipati Pajang | nanging kantun priyăngga | ya ta jiniat ing guru | Dipati Pajang taruna || |
| 026.057 | prasami kalangkung asih | aruntut dènnya sêsanak | Dipati Pajang karsane | Ki Agêng Ênis ngaturan | dadia Panêmbahan | ing Pajang sinêpuh-sêpuh | sinung dhêkah ing Lawiyan || |
| 026.058 | samana Ki Agêng Ênis | adhêdhêkah ing Lawiyan | ya ta ingkang putra karo | Ki Panjawi Pamanahan | asuwita ing Pajang | angsal pangawulanipun | pan sami kinakang-kakang || |
| 026.059 | milane kalangkung asih | Sang Adipati ing Pajang | mring Kyagêng Ênis putrane | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru katiganya [4: 9: ka...tiganya] | kang sami anunggil guru | lawan Adipati Pajang || |
| 026.060 | angguru mring Sunan Kali | tan pisah tiyang têtiga | sakawan Dipati Paos | marmane kinakang-kakang | Panjawi Pamanahan | sapunika gancaripun | Ki Juru momong kewala || |
| 026.061 | ucapên Ki Agêng Ênis | ingkang dhêdhêkah Nglawiyan | samana puput jênênge | mantuk ing karamatullah | sinare ing Nglawiyan | kang putra kalih winuwus | Ki Panjawi Pamanahan || |
| 026.062 | sumawitèng Pajang olih | anglurahi wong tamtama | dipati kalangkung sihe | Ki Panjawi Pamanahan | pan ingakên sudara | ingandêlakên ing kewuh | ambaurêksa nagara || |
| 026.063 | kala samana winarni | dipati dèrèng pêputra | kang darman akèh putrane | anênggih Ki Pamanahan | kathah atmajanira | nênggih kathahe pêpitu | ing Pajang lwir guladrawa || |
| 27. Dhandhanggula | |
| 027.001 | kang jalu gangsal èstri kêkalih | atmajanira Ki Pamanahan | kang sami jalu putrane | anênggih Radèn Bagus | lawan malih Rahadèn Santri | ingkang satunggalira | wasta Radèn Jambu | lan malih ingkang anama | Radèn Tompe lan Radèn Kadhawung nênggih | jangkêpipun lêlima || |
| 027.002 | dening putra pêpitu anênggih | pambajêng Radèn Jambu punika | Radèn Bagus panggulune | nênggih pandhadhanipun | kang anama Rahadèn Santri | Radèn Tompe panêngah | kang warujunipun | Radèn Kadhawung namanya | sampun jangkêp gangsal pawèstri kêkalih | ingkang sami taruna [4: 10] || |
143–144 dari 1.487