Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 234
152–153 dari 1.487
1.513–1.522 dari 14.865
| 028.013 | lawan ingsun ngèngèri ing benjing | yèn uwus kalakon | Arya Jipang kapagas murdane | lah sira yayi ingsun [4: 25: ing...sun] tangisi | amalês ing pati | mung sira kang tulung || |
| 028.014 | pan tan ana prayogane malih | kang tulung maringong | apan ingsun tan darbe sadhèrèk | lanang mung sira asih ing mami | kang yogya matèni | mring Si Jipang besuk || |
| 028.015 | Adipati Pajang matur aris | dhatêng ingkang êmbok | pan kawula tan purun yudane | amungsuha wong Jipang ajurit | wong punika sêkti | prakosa atêguh || |
| 028.016 | Ratu Kalinyamat angling aris | tanpa gawe ingong | gèn ingsun darbe sanak dhèwèke | yèn tan kênaa ingsun tangisi | dadi tanpa kardi | atinjo maringsun || |
| 028.017 | Ki Pamanahan jawil bêbisik | punika karsèngong | jêngandika apikir samangke | rakandika tuwan samadosi | pinikir sawêngi | benjing dawêg wangsul || |
| 028.018 | Adipati Pajang anuruti | matur mring kang êmbok | kula pikire sawêngi mangke | benjing enjing kawula abali | yèn wus angsal pikir | kawula sumanggup || |
| 028.019 | lah kang bok sampun kawula amit | mantuk mring pakuwon | Ratu Kalinyamat andikane | alah iya yayi yèn wus olih | dènira apikir | wangsula maringsun || |
| 028.020 | sampun mantuk sira sang dipati | maring ing pakuwon | Kyai Pamanahan tan andhèrèk | karsanira ayun mituturi | lah kakang prayogi | lamun sira kantun || |
| 028.021 | Kyai Pamanahan sigra bali | marêk ingkang êmbok | kang parêkan tur paksa gustine | rayi dalêm ing Sêsela [4: 26: Sê...sela] bali | karsane akêmit | dhatêng sang dewayu || |
| 028.022 | Ratu Kalinyamat suka angling | adhuh ariningong | baya sira ta ana gawene | Kyai Pamanahan turiraris | kawula tur peling | mring andika ratu || |
152–153 dari 1.487