Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 234
151–152 dari 1.487
1.502–1.511 dari 14.865
| 028.002 | Kangjêng Ratu Kalinyamat angling | turana riningong | lah warahên yèn ingsun mangkene | pasthi ora kêna apêpanggih | mêngko sun manggihi | anèng jroning kubut || |
| 028.003 | sigra mintar kang utusan aglis | wus praptèng ing regol | sigra marêk utusan ature | jêngandika dipun andikani | punika kang wêling | wau kangjêng ratu || |
| 028.004 | jêngandika tan kenging pêpanggih | rakandika ngobong | ki adipati alon dêlinge | sun wis wêruh kakang bok prihatin | sêdyaningsun prapti | arsa darbe atur || |
| 028.005 | wus lumêbêt sira sang dipati | wong papat tan adoh | sampun prapta prênahe [4: 24: prênah...e] êmboke | punang utusan matur wotsari | ing rayinta gusti | sadaya wus rawuh || |
| 028.006 | angandika ratu mas aririh | mring kang rayi alon | hèh yayi mas baya na karsane | atêtinjo maring awak mami | ya ta ki dipati | alon aturipun || |
| 028.007 | mila kawula gêpah mariki | mirsa tuturing wong | dening andika sangêt brangtine | pan kapirsa yèn tilar nagari | tan arsa atapih | paran milanipun || |
| 028.008 | yèn kenginga kawula ngaturi | ywa sangêt wirangrong | ing apêjah pan sampun pasthine | raka andika nêmahi lalis | wus karsa Hyang Widi | seda marga tatu || |
| 028.009 | raka andika pan seda saksi | antuk swarga kaot | ngulari pêjah punapa malèh | Ratu Mas ing Kalinyamat angling | tarima mas yayi | dènira sung pemut || |
| 028.010 | iya ingsun yayi nora kêni | pan wus ujar ingong | yèn ta durung kawalês patine | kakangira ingsun ora tapih | tumêka ing pati | pan wus takdir ingsun || |
| 028.011 | sukur sira yayi praptèng ngriki | manira wong wadon | lah sira ingsun jaluk budine | kaya ngapa gèn ingsun malêsi | mring Si Jipang iki | sira ingsun tantun || |
151–152 dari 1.487