Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 234
157–158 dari 1.487
1.567–1.576 dari 14.865
| 029.014 | samana Ki Juru tanya | pan manira mangke anungsung warti | Ki Pamanahan amuwus | wau sang adipatya | sayêmbara sapa sintên ingkang sanggup | amêngsah pun Arya Jipang | atawa kongsia mati || |
| 029.015 | apan ginanjar nagara | ing Mataram lawan nagara Pathi | inggih tan wontên kang sanggup | Kyai Juru lingira | yèn makotên[1] mangke kula suka rêmbug | pakênira sanggupana | eman kalihan kang nagri || |
| 029.016 | ing Pathi lan ing Mataram | eman têmên liyaa kang darbèni | Ki Pamanahan amuwus | ki ipe dene gampang | wong atămpa ganjaran nagara agung | sapa wani amungsuhan | Dipati Jipang prajurit || |
| 029.017 | Ki Juru lingira ngucap | pan manira wus wruh watêke ugi | nyata yèn ki arya têguh | pasthine ginêlaran | pan manira dèrèng ulap yèn amungsuh | gampange tiyang punika | watêke wong bèr kawanin || |
| 029.018 | yakti awrat tinadhahan | aprang papak agêng kalawan alit | pasthi pakanira rêmpu | ingsun milu mring sira | angrenani ing benjing aprang agupuh | amungsuh Ki Arya Jipang | ana budiningsun ugi || |
| 029.019 | wong puniku tuhu kêras | yèn tinantang pasthi ika nêkani | tan anganti rowangipun | lah yèn prapta priyăngga | ginagalak pasthi ènthèng yèn minungsuh | arah ingsun kapêncila | nuli kinrubut ing jurit || |
| 029.020 | yèn punika sampun sayah | pakanira karonana ngajurit | pasthi ika lamun lampus [4: 33] | lah nêdha benjang enjang | yèn pakanira wus kadugi glaripun | amungsuh Arya Panangsang | katura sang adipati ||[2] |
| 029.021 | sampun dènnya rêrêmbagan | tan kawarna polahira ing wêngi | enjing pan sampun awungu | samya dandan aseba | Pamanahan katiga lan putranipun | Kyai Juru atut wuntat | wus marêk sang adipati || |
| 029.022 | pra mantri pêpak sadaya | Sang Dipati Pajang ngandika aris | lah ana ta ingkang sanggup | amungsuh Arya Jipang | para mantri sadaya sami tumungkul | tan ana kang sumanggupa | amungsuh ki arya jurit || |
| 029.023 | umatur Ki Pamanahan | gih kawula kang sanggup anadhahi | Dipati Jipang prangipun | sakulawarganingwang | sang dipati anjangkunga saking pungkur | yèn tumingal ing sampeyan | pasthi sampeyan kang dèn prih || |
157–158 dari 1.487
| 1 | makatên. (kembali) |
| 2 | Tidak ada mangajapa pada awal ini. (kembali) |