Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 234
158–159 dari 1.487
1.572–1.581 dari 14.865
| 029.019 | wong puniku tuhu kêras | yèn tinantang pasthi ika nêkani | tan anganti rowangipun | lah yèn prapta priyăngga | ginagalak pasthi ènthèng yèn minungsuh | arah ingsun kapêncila | nuli kinrubut ing jurit || |
| 029.020 | yèn punika sampun sayah | pakanira karonana ngajurit | pasthi ika lamun lampus [4: 33] | lah nêdha benjang enjang | yèn pakanira wus kadugi glaripun | amungsuh Arya Panangsang | katura sang adipati ||[1] |
| 029.021 | sampun dènnya rêrêmbagan | tan kawarna polahira ing wêngi | enjing pan sampun awungu | samya dandan aseba | Pamanahan katiga lan putranipun | Kyai Juru atut wuntat | wus marêk sang adipati || |
| 029.022 | pra mantri pêpak sadaya | Sang Dipati Pajang ngandika aris | lah ana ta ingkang sanggup | amungsuh Arya Jipang | para mantri sadaya sami tumungkul | tan ana kang sumanggupa | amungsuh ki arya jurit || |
| 029.023 | umatur Ki Pamanahan | gih kawula kang sanggup anadhahi | Dipati Jipang prangipun | sakulawarganingwang | sang dipati anjangkunga saking pungkur | yèn tumingal ing sampeyan | pasthi sampeyan kang dèn prih || |
| 029.024 | dipati suka tyasira | angandika aris sang adipati | alah kakang sokur sèwu | yèn pakênira dhawak | ananggupi Arya Jipang pêrangipun | kakang desa ing Mataram | aja liyan kang duwèni || |
| 029.025 | ing mangke ta sira kakang | kadipundi gènira ambudèni | Kyai Pamanahan matur | inggih ing benjang enjang | wadya Pajang saosa gêgamanipun | nanging sampun katingalan | kawula ingkang rumiyin || |
| 029.026 | wontên dene reka kula | kantênane nênggih ing benjing enjing | dipati suka amuwus | lah nêdha bubarêna | samya dandan sasikêping aprang pupuh | pan sampun bubar sadaya | sumurup kang Sang Hyang [4: 34] Rawi || |
| 029.027 | Ki Panjawi Pamanahan | lan Ki Juru samya gunêm sawêngi | Ki Juru alon amuwus | ing benjang karsaningwang | pangarite wong Jipang besuk rinuruh | sokur lamun kaparêngan | pangarite sang dipati || |
| 029.028 | cinêkêl sinungan layang | lan kupinge pinêrung kang sasisih | kinèn matur gustinipun | pasthi yèn ika prapta | bangêt kagyat pasthi sang dipati bêndu | măngsa angantia[2] bala | watêk ing[3] wong bèr kawanin || |
158–159 dari 1.487
| 1 | Tidak ada mangajapa pada awal ini. (kembali) |
| 2 | anganthia. (kembali) |
| 3 | watêking. (kembali) |