Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29–30 dari 234
159–160 dari 1.487
1.588–1.597 dari 14.865
029.035 sanadyan dika tumbasa | dèrèng tau kawula adol kuping | tan wande adamêl butuh | Ki Pamanahan mojar | angur êndi sun tuwêg lan ingsun tuku | ki pangarit kalithihan | dika tumbas yèn sadhidhik ||
029.036 pakathik sigra cinandhak | kupingira sasisih wus dinawir | ya ta Kyai Juru gupuh | sampun akarya surat | kang pakathik sampun kasinungan wau | kang ardana gangsal wêlas | nuli kinalungan tulis ||
029.037 pakathik pan kinèn lunga | lah ta poma wêkas ngong layang iki | dèn katur marang gustimu | nuli sira muliha | kang pakathik lumayu pondhoke rawuh | akathah kang wong uninga | yèn pangarit adus gêtih ||
029.038 narajang mantri aseba | sakwèhing kang nangkil kagyat ningali | lamun pêrung kupingipun | pan kinanthilan layang | Ki Mataun atanya ing baturipun | apa kang rame ing jaba | ingkang dinangu turnyaris ||
029.039 nênggih pakathik dipatya | dipun pêrung kupingipun sasisih | kinalungan sêratipun | karsanira matura | tur uninga ing gusti kacakrèng kalbu | Mataun aglis angucap | lah wus undurna dèn aglis [4: 36] ||
30. Durma
030.001 Ki Dipatya ing Jipang lagya adhahar | pakathik dèn cêkêli | mapan maksih rosa | kêdah yun lumêbua | arame gègèr ring jawi | ki adipatya | kagyat dènnya mirsèki ||
030.002 ingutusan Mataun kang tinimbalan | prapta ngarsa dipati | sigra tinakonan | ing jaba gègèr apa | ki patih sampun andugi | yèn gusti duka | aturira mlas-asih ||
030.003 dipun aris rumiyin tuwan adhahar | tan prayoga kang warti | ing mangke katura | yèn sampun lorod dhahar | ki adipati lon angling | têka matura | iya ingsun alimi ||
030.004 Ki Mataun minggu anêmbah kewala | wêruh watêking gusti | wong kang cinêkêlan | abudi sampun uwal | lumayu ngayun ing gusti | sang adipatya | kagyat sira ningali ||
030.005 lah iku bapa iya wong kêna ngapa | awake kuthah gêtih | Mataun tur sêmbah | inggih gusti punika | kang dados gègèring jawi | pakathik tuwan | nênggih ingkang angarit ||
159–160 dari 1.487