Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
30 dari 234
160–161 dari 1.487
1.597–1.606 dari 14.865
| 030.005 | lah iku bapa iya wong kêna ngapa | awake kuthah gêtih | Mataun tur sêmbah | inggih gusti punika | kang dados gègèring jawi | pakathik tuwan | nênggih ingkang angarit || |
| 030.006 | dipun pêrung kupinge kinakanthilan | layangipun puniki | sigra sang dipatya | mundhut punang nawala | asta têngên ika maksih | angêpêl sêga | kang kiwa nyandhak tulis || |
| 030.007 | gya winaos kang surat sinuksmèng driya | unine punang tulis | kang tunggul panantang | pèngêt Ki Arya Jipang | yèn sira tuhu prajurit | yèn nyata lanang | maguta sun antèni || |
| 030.008 | ing Bangawan Sore lah sira nabranga | katêmu [4: 37: ka...têmu] padha siji | lan Dipati Pajang | aja ngandhêlkên bala | sun tadhahi padha siji | ki adipatya | dukane tan sinipi || |
| 030.009 | kêpêlira sigra binanting ing panjang | rêmuk dados kêkalih | sigra sang dipatya | akèn kakapa jaran | Si Gagakrimang dèn aglis | lah kambilana | sun arsa mangsah jurit || |
| 030.010 | wus siyaga Sang Adipati ing Jipang | waosira cinangking | pan biring lanangan | Dhangdhangmungsuh wastanya | turăngga sampun cumawis | pun Gagakrimang | sigra dipun titihi || |
| 030.011 | Ki Mataun wanti-wanti aturira | adhuh ki adipati | kèndêla sakêdhap | angantosana bala | paduka dipun gêlari | ki adipatya | mirsa pan wuwuh runtik || |
| 030.012 | Pangeran Arya Jipang darbe sudara | nanging ta seos bibi | Ki Arya Mataram | iya kêkasihira | kapang-kapang anututi | sangêt turira | tuwan kèndêla dhingin || |
| 030.013 | jêng paduka angantosana ing bala | angling sang adipati | lah sira mindêla | ingsun măngsa wêdia | wus pantêse wong ajurit | dèn byok ing kathah | pan ora sun gingsiri || |
| 030.014 | wanti-wanti ingkang rayi aturira | kang raka sangêt runtik | iya ranmu uga | sadulur seje biyang | pan ora kadêrêng mami | ngajak ing sira | kang rayi sangêt runtik || |
160–161 dari 1.487