Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 234
166–167 dari 1.487
1.652–1.661 dari 14.865
031.004 sampun anabrang ing kali | sakèhe kawula Jipang | ngaturakên bongkokane | mring Ngabèi Loringpasar | mangkana kawarnaa | apan kasaput ing dalu | kondur sami masanggrahan ||
031.005 ya ta agunêm sawêngi | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru [4: 44] alon muwuse | paran rêmbag pakênira | Kiyai Pamanahan | Ki Panjawi mangkya muwus | langkung karsa pakanira ||
031.006 manira têka umiring | măngsa-borong pakanira | Ki Juru alon saure | kang mêjahi Arya Jipang | pan anak pakanira | lamun aturna satuhu | dhumatêng sang adipatya ||
031.007 pasthi ganjarane kêdhik | yèn katura putranira | ingkang angaèsi gawe | nora atămpa nagara | tan liyana ginanjar | kang adi awarni kampuh | daragêm ingkang ganjaran ||
031.008 kalawan picis sakêthi | iku watara manira | yèn para aku wong rèrèh | kang matèni Arya Jipang | katura sang dipatya | nagara ganjaranipun | ing Pathi lan ing Mataram ||
031.009 Ki Panjawi mangkya angling | kalawan Ki Pamanahan | inggih kalêrês ki ipe | pangandika jêngandika | katur sang adipatya | yèn sampun ubayanipun | yakti tinagih ing prana ||
031.010 Ki Pamanahan mangkya ngling | yayi yèn makatên rêmbag | dawêg angakên wong roro | kang mêjahi Arya Jipang | ya ta sami arêmbag | radèn ngabèi arêmbug | ing karsane kang sudarma ||
031.011 enjing kêbat ing pawarti | wus katur Dipati Pajang | yèn kang mêjahi wong roro | pêjahe Ki Arya Jipang | lêlurah wong tamtama | wontên dene wastanipun | Ki Panjawi Pamanahan ||
031.012 wus enjing adandan sami | Ki Panjawi Pamanahan | asowan dhatêng gustine | arsa ngaturi uninga | patinya [4: 45: pati...nya] Arya Jipang | kalawan pêpatihipun | lan patêluke wong Jipang ||
031.013 sapraptane ngarsa sami | mangkana ing aturira | amba ngaturakên waos | agêmipun Arya Jipang | lan dhuwung sakêmbaran | ingkang dinamêl angamuk | katura sang adipatya ||
166–167 dari 1.487