Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 234
166–167 dari 1.487
1.656–1.665 dari 14.865
| 031.008 | kalawan picis sakêthi | iku watara manira | yèn para aku wong rèrèh | kang matèni Arya Jipang | katura sang dipatya | nagara ganjaranipun | ing Pathi lan ing Mataram || |
| 031.009 | Ki Panjawi mangkya angling | kalawan Ki Pamanahan | inggih kalêrês ki ipe | pangandika jêngandika | katur sang adipatya | yèn sampun ubayanipun | yakti tinagih ing prana || |
| 031.010 | Ki Pamanahan mangkya ngling | yayi yèn makatên rêmbag | dawêg angakên wong roro | kang mêjahi Arya Jipang | ya ta sami arêmbag | radèn ngabèi arêmbug | ing karsane kang sudarma || |
| 031.011 | enjing kêbat ing pawarti | wus katur Dipati Pajang | yèn kang mêjahi wong roro | pêjahe Ki Arya Jipang | lêlurah wong tamtama | wontên dene wastanipun | Ki Panjawi Pamanahan || |
| 031.012 | wus enjing adandan sami | Ki Panjawi Pamanahan | asowan dhatêng gustine | arsa ngaturi uninga | patinya [4: 45: pati...nya] Arya Jipang | kalawan pêpatihipun | lan patêluke wong Jipang || |
| 031.013 | sapraptane ngarsa sami | mangkana ing aturira | amba ngaturakên waos | agêmipun Arya Jipang | lan dhuwung sakêmbaran | ingkang dinamêl angamuk | katura sang adipatya || |
| 031.014 | ngandika sang adipati | inggih ki raka anêdha | lah pundi mangke rupane | wong Jipang kang milu seba | Pamanahan tur sêmbah | punika ta warninipun | ingkang waos binongkokan || |
| 031.015 | dening mantrinipun nênggih | kang lênggah tarap punika | kang munggwing ing wingking adoh | sang adipati ngandika | lah ki raka anêdha | timbalana kang sinêpuh | manira arsa têtanya || |
| 031.016 | ya ta sampun dèn timbali | mantri kêkalih kang tuwa | sampun sami majêng karo | ki adipati ngandika | lah ingsun atêtanya | dhimin aduwe sadulur | Arya Jipang seje biyang || |
| 031.017 | ing mêngko ana ing ngêndi | umatur kang pinariksa | wau wontên ing wingkinge | kang raka kala lumampah | pan wartine dinukan | kongsi dados runtikipun | kesahe datan pamitan || |
166–167 dari 1.487