Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 234
191–192 dari 1.487
1.903–1.912 dari 14.865
| 034.034 | kaping kalih mintaa ing aji | ramanira walêsên kewala | ati-atinên tatane | ana minta ing kawruh | sinalira mapan kaèksi | dening sri naranata | lah êndi pukulun | nanging nalika punika | laku linggih solah muna lawan muni | minăngka panêngêran || |
| 034.035 | lamun kita aseba aisin | maring Pajang nadyan tan sebaa | yèn prapta sultan dutane | aywa tuna ing têmbung | amangsuli wacana manis | pasungsung aywa pêgat | ing saisinipun | prajanira ing Mataram | aywa kita rumaos kantunan budi | nirêp dukane sultan || |
| 034.036 | apan nyata hèh Ki Senapati | kita ingangkah atmaja tuwa | sultan gêdhe piandêle | iku kita dèn têguh | lamun sultan tumêkèng lalis | ing panjênênganira | de mangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | anggêntosi ing panjênêngan ramaji | tan lyanna saking kita || |
| 034.037 | nadyan kathah putrane sang aji | nora na lyan kita kang atuwa | kinêmpit alit mulane | kang dadi manahipun | nanging kita putra sang aji | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu | sultan cahyane nur ing rat | wus angalih maring kita wus pinasthi | anggêntosi ing sultan || |
| 034.038 | hèh Ki Senapati yèn wus olih | kita ujar ingkang tri prakara | kang dhingin wong [5: 12] atuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga dikaning gusti | mapan dadi satunggal | yakti nora wurung | gènira jumênêng nata | nganti sangat pêlêkkên marang Hyang Widi | kita asru brăngtaa || |
| 034.039 | ri sampunira winêling-wêling | Senapati dhatêng ingkang paman | Juru Martani wastane | pan sampun amit mantuk | Senapati kantun alinggih | tansah kaciptèng nala | ing pituturipun | kang tinanjihakên nala | nora gingsir karsanira Senapati | nuntên kalampahana || |
| 31. Senapati miluta manahipun para mantri pamajêgan ingkang badhe asok bulu bêkti dhatêng Pajang | |
| 034.040 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati Nglaga | nèng Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing raina anutug ratri | lan mantri pamajêgan | kèhe wolung èwu | sami liwat ing Mataram | sêdya seba anrahakên ulu[1] bêkti | dhatêng ing Sultan Pajang || |
| 034.041 | Senapati ing Ngalaga angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum | sabên dina ulun puniki | ya nyêkêli manjangan | ngong karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tămbra ulam paraga || |
| 034.042 | ginulawênthah sakèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | ingkang pantês sinunu | binasanan suta sakapti | kang pantês binasanan [5: 13: bina...sanan] | kakang basanipun | kang pantês binasan uwa | mapan binasanan ing uwa kang krami | ingkang pantês binasan || |
| 034.043 | adhi iya binasanan yayi | datan ana kang bineda-beda | samya rinakêtan kabèh | samya ingajak nginum | samya sênggak suka anglarih | wênèh ingkang anêmbang | kakawin angidung | akêplok sirèng badhaya | Senapati Ngalaga sukaning ngênting | lan mantri pamajêgan || |
191–192 dari 1.487
| 1 | bulu. (kembali) |