Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 234
191–192 dari 1.487
1.907–1.916 dari 14.865
| 034.038 | hèh Ki Senapati yèn wus olih | kita ujar ingkang tri prakara | kang dhingin wong [5: 12] atuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga dikaning gusti | mapan dadi satunggal | yakti nora wurung | gènira jumênêng nata | nganti sangat pêlêkkên marang Hyang Widi | kita asru brăngtaa || |
| 034.039 | ri sampunira winêling-wêling | Senapati dhatêng ingkang paman | Juru Martani wastane | pan sampun amit mantuk | Senapati kantun alinggih | tansah kaciptèng nala | ing pituturipun | kang tinanjihakên nala | nora gingsir karsanira Senapati | nuntên kalampahana || |
| 31. Senapati miluta manahipun para mantri pamajêgan ingkang badhe asok bulu bêkti dhatêng Pajang | |
| 034.040 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati Nglaga | nèng Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing raina anutug ratri | lan mantri pamajêgan | kèhe wolung èwu | sami liwat ing Mataram | sêdya seba anrahakên ulu[1] bêkti | dhatêng ing Sultan Pajang || |
| 034.041 | Senapati ing Ngalaga angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum | sabên dina ulun puniki | ya nyêkêli manjangan | ngong karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tămbra ulam paraga || |
| 034.042 | ginulawênthah sakèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | ingkang pantês sinunu | binasanan suta sakapti | kang pantês binasanan [5: 13: bina...sanan] | kakang basanipun | kang pantês binasan uwa | mapan binasanan ing uwa kang krami | ingkang pantês binasan || |
| 034.043 | adhi iya binasanan yayi | datan ana kang bineda-beda | samya rinakêtan kabèh | samya ingajak nginum | samya sênggak suka anglarih | wênèh ingkang anêmbang | kakawin angidung | akêplok sirèng badhaya | Senapati Ngalaga sukaning ngênting | lan mantri pamajêgan || |
| 034.044 | para grahanira Senapati | samya kinèn wau ambadhaya | age samya dhatêng kabèh | ajamang mas kêkalung | gêlang kana êmêr pamêkik | kilat bahu kancana | asêngkang mas luru | apanunggul intên mulya | ujwalanya anorakên ing hyang rawi | surêm maring ujwala || |
| 034.045 | ambayak anăngga talam manik | mèsi punang sêkar jajêbadan | kêkonyoh amrik gandane | nulya lungguh ing pangkun | saha mojar mring para mantri | pamajêgan sadaya | mêmatutèng tuhu | anglasahi marang sira | amborèhi sêkare gajah angoling | katrapa anèng karna || |
| 034.046 | mantri pamajêgan mangrêpajrih | aningali marang grahanira | dening rumakêt basane | pêlungguhe abukuh | samya ngrêpa konjêm ing siti | mukanira punika | ambêg manah sadu | wadya wis ambapa biyang | panarkane mring Senapati Matawis | tuhu taman kumêdhap || |
| 034.047 | Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra ulun kabèh sira | aja taha-taha kabèh | apan sajroning nginum | pan sumăngga [5: 14] ulun ing rabi | ing sajawining rahsa | wayahe wong nginum | nadyan tumêka ing prana | yèn sira yun kawinên maring ing masjid | kalal ulun pan suka || |
191–192 dari 1.487
| 1 | bulu. (kembali) |