Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 234
193–194 dari 1.487
1.924–1.933 dari 14.865
| 034.055 | ênêngêna kang arsa ngayoni | lamun ingsun durung munjulana | digdaya lawan wong akèh | măngsa dadia ratu | pan mangkono ciptaning ati | nanging botên kawêdal | ngandika ing kalbu | pan maksih angeca-eca | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya || |
| 034.056 | mantri baksa pan kagiri-giri | anggungakên baksa gora godha | ngatingalakên sêktine | sela nulya jinunjung | bobotipun êmas sadhacin | mantrinira arosa | dipun buwang muluk | sela anulya sinangga | bobotipun lir kapuk salêmbar sami | ngabêrakên ing [5: 16] wiyat || |
| 034.057 | galaganjur binaksanan kêris | myang landheyan miwah baksa panah | kang abêksa pêdhang tamèng | ingumbulakên mamprung | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | kang sawênèh pupu | wênèh tinadhahan êndhas | kang sawênèh matane cinublês kêris | pupu têguh tinatah || |
| 034.058 | Mantri Mataram lir banthèng kanin | kadya macan basah-binasahan | landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilapat tuhu | cihnane kayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining janma || |
| 034.059 | samya matur sakathahing mantri | pan kawula adunên apêrang | pasihan dalêm wus akèh | mapan kawula purun | amêngsaha sri narapati | yèn tuwan ngajanana | pan kawula purun | nadyan tangkêpa salêksa | gêgamane wong Pajang amba tan gingsir | pan katuwukkên dana || |
| 034.060 | apan wutahe ludira mami | lan tigase ing murda kawula | kasaurakên ing sihe | muga dadia ratu | tan kawawa amba nuwun sih | kawula tur prasêtya | anjalma ping pitu | kawula tuwan abdèkna | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | ngabdia têdhak tuwan || |
| 034.061 | sêtya kawula ing wisma dhingin | ajêng sowan dhatêng Sultan Pajang | ngasrahkên bulubêktine | tuwan mêgati ngênu | kinon mandhêg kang para mantri | ingajak akasukan | ing mangke pukulun | mangke kawula tan nêdya | yèn kajênga mring Pajang tur bulupêkti[1] [5: 17: bu...lupêkti] | pan sampeyan narendra || |
| 034.062 | sakathahe bulupêkti mami | kaatura sampeyan sadaya | datan wontên sandheyane | Mataram Ratu Agung | pan nagara ing têpis iring | samya ngidhêp sadaya | dhatêng sang aprabu | adipati kang tumitah | saliring wong desa Pamajêgan adi | tuwan ingkang nataa || |
| 034.063 | yèn sampeyan lumampaha jurit | yèn kawula damêlên pêpêjah | pan kawula walêsake | datan sagêda mangsul | sih paduka yèn manggih kardi | pêjaha wontên ngarsa- | nira sang aulun | kawula datan kumêdhap | datan liyan ingkang kawula tingali | Panêmbahan Ngalaga || |
| 034.064 | angandika alon Senapati | ing sakèhe mantri pamajêgan | sun tarima prasêtyane | pan dudu kaya iku | karsaningsun maring ramaji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | pan manira mapan ingkang anyaguhi | andêlêna ing prana || |
193–194 dari 1.487
| 1 | bulubêkti (dan di tempat lain). (kembali) |