Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 234
192–193 dari 1.487
1.920–1.929 dari 14.865
| 034.051 | Senapati ing Ngalaga ênting | suka mulat mantri pamajêgan | pan sampun pranata kabèh | kapwa jêjêl supênuh | wus anarka yèn ngêndhih jurit | sirnane Sultan Pajang | mapan kapwa tuhu | ramping ing ramping ing tanggap | kêdhèp sasmita satata dèn ulati | kang sinêmbah ngalaga || |
| 034.052 | Senapati ing Ngalaga tartip | aningali mantri pamajêgan | mapan sampun pêpak [5: 15: pê...pak] kabèh | pan wus pêpêk supênuh | Senapati micarèng ati | mangko ta olèh rewang | saking sih Hyang Agung | prapta ing sariraningwang | sinung bagya dinulur marang ing Widi | sinung rowang dening Hyang || |
| 034.053 | lamun ingsun angêndhiha jurit | amungsuh prang lawan Sultan Pajang | ingsun êpriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun pan wus pracaya | sun tingali suyud | mantri Pagêlèn sadaya | samya bêkti mung Bocor durung sayêkti | manahe kaya-kaya || |
| 034.054 | sun watara atiningong iki | nora suka dening bojakrama | yèn durung tutug budine | angayoni maringsun | iya nanging sun angecani | bênêr têka si besan | sisip têkèng ingsun | upamane awak ingwang | kaya cebol nèng jurang anggayuh langit | pasthine dipun ina || |
| 034.055 | ênêngêna kang arsa ngayoni | lamun ingsun durung munjulana | digdaya lawan wong akèh | măngsa dadia ratu | pan mangkono ciptaning ati | nanging botên kawêdal | ngandika ing kalbu | pan maksih angeca-eca | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya || |
| 034.056 | mantri baksa pan kagiri-giri | anggungakên baksa gora godha | ngatingalakên sêktine | sela nulya jinunjung | bobotipun êmas sadhacin | mantrinira arosa | dipun buwang muluk | sela anulya sinangga | bobotipun lir kapuk salêmbar sami | ngabêrakên ing [5: 16] wiyat || |
| 034.057 | galaganjur binaksanan kêris | myang landheyan miwah baksa panah | kang abêksa pêdhang tamèng | ingumbulakên mamprung | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | kang sawênèh pupu | wênèh tinadhahan êndhas | kang sawênèh matane cinublês kêris | pupu têguh tinatah || |
| 034.058 | Mantri Mataram lir banthèng kanin | kadya macan basah-binasahan | landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilapat tuhu | cihnane kayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining janma || |
| 034.059 | samya matur sakathahing mantri | pan kawula adunên apêrang | pasihan dalêm wus akèh | mapan kawula purun | amêngsaha sri narapati | yèn tuwan ngajanana | pan kawula purun | nadyan tangkêpa salêksa | gêgamane wong Pajang amba tan gingsir | pan katuwukkên dana || |
| 034.060 | apan wutahe ludira mami | lan tigase ing murda kawula | kasaurakên ing sihe | muga dadia ratu | tan kawawa amba nuwun sih | kawula tur prasêtya | anjalma ping pitu | kawula tuwan abdèkna | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | ngabdia têdhak tuwan || |
192–193 dari 1.487