Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
193–194 dari 1.487
1.922–1.931 dari 14.865
034.053 lamun ingsun angêndhiha jurit | amungsuh prang lawan Sultan Pajang | ingsun êpriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun pan wus pracaya | sun tingali suyud | mantri Pagêlèn sadaya | samya bêkti mung Bocor durung sayêkti | manahe kaya-kaya ||
034.054 sun watara atiningong iki | nora suka dening bojakrama | yèn durung tutug budine | angayoni maringsun | iya nanging sun angecani | bênêr têka si besan | sisip têkèng ingsun | upamane awak ingwang | kaya cebol nèng jurang anggayuh langit | pasthine dipun ina ||
034.055 ênêngêna kang arsa ngayoni | lamun ingsun durung munjulana | digdaya lawan wong akèh | măngsa dadia ratu | pan mangkono ciptaning ati | nanging botên kawêdal | ngandika ing kalbu | pan maksih angeca-eca | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya ||
034.056 mantri baksa pan kagiri-giri | anggungakên baksa gora godha | ngatingalakên sêktine | sela nulya jinunjung | bobotipun êmas sadhacin | mantrinira arosa | dipun buwang muluk | sela anulya sinangga | bobotipun lir kapuk salêmbar sami | ngabêrakên ing [5: 16] wiyat ||
034.057 galaganjur binaksanan kêris | myang landheyan miwah baksa panah | kang abêksa pêdhang tamèng | ingumbulakên mamprung | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | kang sawênèh pupu | wênèh tinadhahan êndhas | kang sawênèh matane cinublês kêris | pupu têguh tinatah ||
034.058 Mantri Mataram lir banthèng kanin | kadya macan basah-binasahan | landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilapat tuhu | cihnane kayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining janma ||
034.059 samya matur sakathahing mantri | pan kawula adunên apêrang | pasihan dalêm wus akèh | mapan kawula purun | amêngsaha sri narapati | yèn tuwan ngajanana | pan kawula purun | nadyan tangkêpa salêksa | gêgamane wong Pajang amba tan gingsir | pan katuwukkên dana ||
034.060 apan wutahe ludira mami | lan tigase ing murda kawula | kasaurakên ing sihe | muga dadia ratu | tan kawawa amba nuwun sih | kawula tur prasêtya | anjalma ping pitu | kawula tuwan abdèkna | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | ngabdia têdhak tuwan ||
034.061 sêtya kawula ing wisma dhingin | ajêng sowan dhatêng Sultan Pajang | ngasrahkên bulubêktine | tuwan mêgati ngênu | kinon mandhêg kang para mantri | ingajak akasukan | ing mangke pukulun | mangke kawula tan nêdya | yèn kajênga mring Pajang tur bulupêkti[1] [5: 17: bu...lupêkti] | pan sampeyan narendra ||
034.062 sakathahe bulupêkti mami | kaatura sampeyan sadaya | datan wontên sandheyane | Mataram Ratu Agung | pan nagara ing têpis iring | samya ngidhêp sadaya | dhatêng sang aprabu | adipati kang tumitah | saliring wong desa Pamajêgan adi | tuwan ingkang nataa ||
193–194 dari 1.487

 


1 bulubêkti (dan di tempat lain). (kembali)