Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
188–189 dari 1.487
1.874–1.883 dari 14.865
034.005 Sultan Pajang ratu dibya sêkti | manahira lir angsa anglangyang | muluk salab kahanane | janma akam puniku | kapwa kagyat sajroning ati | dening miyarsa ujar- | ira sang pukulun | wadya matur sadayanya | hèh sang nata kawula midhangêt warti | Risang Sutawijaya ||
034.006 kunêng ingkang tan seba ing benjing | arsa balik malah arsa nyithak | akarya kitha arahe | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnyangling | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada ing sapratingkahe anging | ing Sang Sutawijaya ||
034.007 dutanira kalih angastuti | angusapi lêbu ing suku sang | duta mêsat sira age | anitih kuda sampun | ing Mataram Ki Senapati | sunya anèng Lipura | duta kalih nusul | ing Lipura sigra dhatang | Senapati kapanggih sira alinggih | ing kuda acêcalang ||
034.008 Kyai Gêdhe Wuragil mangkyangling | hèh Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nimbalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika karsa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga [5: 6: Ngala...ga] ||
034.009 maksih amanggung anitih wajik | jêngandika dutanira sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuhun | saking kuda kang dèn timbali | maksih anunggang jaran | jêngandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | dèn sampun rasa tunggal ||
034.010 Kyai Gêdhe Wuragil mangkyangling | hèh Ngabèi Wilamarta sira | nêdha mudhun jaran age | nimbalakên pamuwus | Sultan Pajang mring Senapati | yèn wruha kang timbalan | ramaji pan mudhun | Senapati ing Mataram | duta kalih kapwa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||
034.011 maksih anunggang anitih wajik | Angabèi Wilamarta mojar | lah Ki Gêdhe Wuragile | tan linyok ujar ingsun | Senapati Ngalaga iki | pan sampun wruh punika | yèn duta sang prabu | tan anarka yèn mudhuna | saking jaran pakênira lawan mami | tanduk mantri kang nistha ||
034.012 Senapati ing Ngalaga angling | hèh ngabèi lawan Wilamarta | ragane kita kinèngkèn | duta kalih umatur | dahat ulun duta ramaji | angêmban pangandika | nira sang pukulun | mangan nginum marènana | asebaa marang Pajang dipun aglis | myang kita akurisa ||
034.013 duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap sutanira | lawan rabinipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni [5: 7: mêmarè...ni] apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan ||
034.014 ulun kinèn akurisa iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pagene ya cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para matura | marang sang pukulun | yèn mangkono ujar ingwang | duta kalih Wilamarta Ki Wuragil | amit mulih mring Pajang ||
188–189 dari 1.487