Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 234
194–195 dari 1.487
1.933–1.942 dari 14.865
| 034.064 | angandika alon Senapati | ing sakèhe mantri pamajêgan | sun tarima prasêtyane | pan dudu kaya iku | karsaningsun maring ramaji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | pan manira mapan ingkang anyaguhi | andêlêna ing prana || |
| 034.065 | mapan ingsun purun anaguhi | ing dukane kangjêng rama sultan | sun lakoni sapakone | karsanira sang prabu | pan sadaya wus anèng mami | pan ingsun anjênêngna | Răngga lan tumênggung | ngabèi arya myang dêmang | pêcatăndha kandhuruwan ăndhamoi | ingsun sinung kawasa || |
| 034.066 | sakathahe ingkang para mantri | ingkang arsa jumênênga arya | sun jênêngakên sun gawe | miwah kang dèrèng lungguh | ingkang pantês walulang benjing | sun kang awèh walulang | kang pantês lêlungguh | lêluh [5: 18: lê...luh] patinggi ika |[1] ingkang arsa alungguh lampit sun lampit | apan ingsun winênang || |
| 034.067 | aluwaran mangkya Senapati | sampun mantuk dhatêng dhatulaya | kang aseba bubar kabèh | Kyai Bocor winuwus | ingkang tansah tinanting-tanting | karsane Panêmbahan | ingkang durung rujuk | mapan arsa ngayonana | ing bobote Senapati ing Matawis | tansah ingarah-arah || |
| 034.068 | Kyai Bocor amicarèng ati | kaya ngapa sakèh sanak ingwang | mangkene papolahane | têka padha kilayu | kaya rare idhêpe sami | nora matara lampah | dènira panjunjung | Senapati ing Ngalaga | dèn timbanga wong Mataram wonge kêdhik | amungsuh wadya Pajang || |
| 034.069 | lamun ingsun wurung angayoni | ing bobote Senapati Nglaga | yèn panggah pan ingsun dhèrèk | dening apêksa luhung | datan wêruh sariranèki | baya kulit têmbaga | bêbalung parunggu | manawa sira tan pasah | ingsun suduk ing kêris ingsun pramati | gêlêm sun angawula || |
| 034.070 | sampun surup sang pratănggapati | Kyai Bocor mangke karsanira | anutugakên budine | mapan arsa malêbu | anyidraa ing Senapati | dhuwungira tinatap | wus amblas kinayun | pun Kêbodhêngên wastanya | nulya mangkat sampun malêbêt ing puri | sapraptanirèng pura || |
| 034.071 | sakathahe kang atunggu kori | wus winangsit dening Panêmbahan | apia tan wruh [5: 19] lêbune | Ki Bocor wus malêbu | Panêmbahan sampun kapanggih | sêdhêngira adhahar | ngungkurakên pintu | Ki Bocor nulya narajang | dipun suduk Panêmbahan tan anolih | Ki Bocor kasayahan || |
| 034.072 | rêmuk rêmpu pucuking kang kêris | siti kêna pan pating dharungkar | Bocor sidhêku tibane | lupa sarira lêsu | Kyai Bocor sigra ngabêkti | mangrêpa ing suku sang | kawula anuwun | gusti nêdha pangapura | Panêmbahan kagyat nolih mèsêm angling | kakang wontên punapa || |
| 034.073 | Kyai Bocor sumungkêm ing siti | mukanira konjêm ing pratala | angasih-asih ature | kawula nuwun bêndu | kamipurun kawula gusti | angayoni sampeyan | ing mangke pukulun | punapa karsa paduka | pan kawula angaturkên pati urip | sakarsa tan lênggana || |
194–195 dari 1.487
| 1 | Kurang satu suku kata: lêlungguh patinggi ika. (kembali) |