Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
194–195 dari 1.487
1.938–1.947 dari 14.865
034.069 lamun ingsun wurung angayoni | ing bobote Senapati Nglaga | yèn panggah pan ingsun dhèrèk | dening apêksa luhung | datan wêruh sariranèki | baya kulit têmbaga | bêbalung parunggu | manawa sira tan pasah | ingsun suduk ing kêris ingsun pramati | gêlêm sun angawula ||
034.070 sampun surup sang pratănggapati | Kyai Bocor mangke karsanira | anutugakên budine | mapan arsa malêbu | anyidraa ing Senapati | dhuwungira tinatap | wus amblas kinayun | pun Kêbodhêngên wastanya | nulya mangkat sampun malêbêt ing puri | sapraptanirèng pura ||
034.071 sakathahe kang atunggu kori | wus winangsit dening Panêmbahan | apia tan wruh [5: 19] lêbune | Ki Bocor wus malêbu | Panêmbahan sampun kapanggih | sêdhêngira adhahar | ngungkurakên pintu | Ki Bocor nulya narajang | dipun suduk Panêmbahan tan anolih | Ki Bocor kasayahan ||
034.072 rêmuk rêmpu pucuking kang kêris | siti kêna pan pating dharungkar | Bocor sidhêku tibane | lupa sarira lêsu | Kyai Bocor sigra ngabêkti | mangrêpa ing suku sang | kawula anuwun | gusti nêdha pangapura | Panêmbahan kagyat nolih mèsêm angling | kakang wontên punapa ||
034.073 Kyai Bocor sumungkêm ing siti | mukanira konjêm ing pratala | angasih-asih ature | kawula nuwun bêndu | kamipurun kawula gusti | angayoni sampeyan | ing mangke pukulun | punapa karsa paduka | pan kawula angaturkên pati urip | sakarsa tan lênggana ||
034.074 angandika Kyai Senapati | punapa kakang dika wicara | pitayaningsun agêdhe | Ki Bocor sigra mundur | Senapati lunga tumuli | ingiring wong lêlima | Lipura jinujug | wontên watu kumalasa | warnanira tuhu kalamun prayogi | Senapati nèng sela ||
034.075 Senapati lir anunggang èsthi | warnanira sela kadi gajah | pandhan rangkang ngiringake | lwir palana dinulu | sulurira ingkang aputih | katustarèng banyunya | Senapati sampun | asare anèng gêgilang | pan ing nginggil gêgilang langkung ing margil | tan ana prakathanya [5: 20] ||
32. Senapati Kadhawahan Lintang Sarta Kapanggih Kalihan Nyai Rara Kidul
034.076 kawarnaa Ki Juru Martani | anèng wisma tan eca anendra | wus têngah dalu wayahe | ingkang putra kagugu | nulya kesah malêbèng puri | kandhêg jawining lawang | Ki Juru amuwus | hèh sikêp kang tunggu lawang | sutaningsun pinaran ana ing puri | matura ingsun seba ||
034.077 Lurah Regol ature alirih | hèh Kiyai Juru putra tuwan | amba wikana parane | sêsampunipun wau | mangan nginum lan para mantri | pamajêgan sadaya | ing sabubaripun | kangjêng gusti nuntên kesah | sarêng surup pratăngga gumantya wêngi | wulan sêdhêng purnama ||
034.078 Kyai Juru widigdèng ing wadi | wus uninga ciptane kang putra | anulya sinusul age | wayahe lingsir dalu | lampahira lir kilat thathit | sakêdhap nulya prapta | Nglipura jinujug | wus panggih lawan kang putra | Senapati sakeca dènira guling | anèng sela gêgilang ||
194–195 dari 1.487