Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
194 dari 1.487
1.931–1.940 dari 14.865
034.062 sakathahe bulupêkti mami | kaatura sampeyan sadaya | datan wontên sandheyane | Mataram Ratu Agung | pan nagara ing têpis iring | samya ngidhêp sadaya | dhatêng sang aprabu | adipati kang tumitah | saliring wong desa Pamajêgan adi | tuwan ingkang nataa ||
034.063 yèn sampeyan lumampaha jurit | yèn kawula damêlên pêpêjah | pan kawula walêsake | datan sagêda mangsul | sih paduka yèn manggih kardi | pêjaha wontên ngarsa- | nira sang aulun | kawula datan kumêdhap | datan liyan ingkang kawula tingali | Panêmbahan Ngalaga ||
034.064 angandika alon Senapati | ing sakèhe mantri pamajêgan | sun tarima prasêtyane | pan dudu kaya iku | karsaningsun maring ramaji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | pan manira mapan ingkang anyaguhi | andêlêna ing prana ||
034.065 mapan ingsun purun anaguhi | ing dukane kangjêng rama sultan | sun lakoni sapakone | karsanira sang prabu | pan sadaya wus anèng mami | pan ingsun anjênêngna | Răngga lan tumênggung | ngabèi arya myang dêmang | pêcatăndha kandhuruwan ăndhamoi | ingsun sinung kawasa ||
034.066 sakathahe ingkang para mantri | ingkang arsa jumênênga arya | sun jênêngakên sun gawe | miwah kang dèrèng lungguh | ingkang pantês walulang benjing | sun kang awèh walulang | kang pantês lêlungguh | lêluh [5: 18: lê...luh] patinggi ika |[1] ingkang arsa alungguh lampit sun lampit | apan ingsun winênang ||
034.067 aluwaran mangkya Senapati | sampun mantuk dhatêng dhatulaya | kang aseba bubar kabèh | Kyai Bocor winuwus | ingkang tansah tinanting-tanting | karsane Panêmbahan | ingkang durung rujuk | mapan arsa ngayonana | ing bobote Senapati ing Matawis | tansah ingarah-arah ||
034.068 Kyai Bocor amicarèng ati | kaya ngapa sakèh sanak ingwang | mangkene papolahane | têka padha kilayu | kaya rare idhêpe sami | nora matara lampah | dènira panjunjung | Senapati ing Ngalaga | dèn timbanga wong Mataram wonge kêdhik | amungsuh wadya Pajang ||
034.069 lamun ingsun wurung angayoni | ing bobote Senapati Nglaga | yèn panggah pan ingsun dhèrèk | dening apêksa luhung | datan wêruh sariranèki | baya kulit têmbaga | bêbalung parunggu | manawa sira tan pasah | ingsun suduk ing kêris ingsun pramati | gêlêm sun angawula ||
034.070 sampun surup sang pratănggapati | Kyai Bocor mangke karsanira | anutugakên budine | mapan arsa malêbu | anyidraa ing Senapati | dhuwungira tinatap | wus amblas kinayun | pun Kêbodhêngên wastanya | nulya mangkat sampun malêbêt ing puri | sapraptanirèng pura ||
034.071 sakathahe kang atunggu kori | wus winangsit dening Panêmbahan | apia tan wruh [5: 19] lêbune | Ki Bocor wus malêbu | Panêmbahan sampun kapanggih | sêdhêngira adhahar | ngungkurakên pintu | Ki Bocor nulya narajang | dipun suduk Panêmbahan tan anolih | Ki Bocor kasayahan ||
194 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: lêlungguh patinggi ika. (kembali)