Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 234
188–189 dari 1.487
1.876–1.885 dari 14.865
| 034.007 | dutanira kalih angastuti | angusapi lêbu ing suku sang | duta mêsat sira age | anitih kuda sampun | ing Mataram Ki Senapati | sunya anèng Lipura | duta kalih nusul | ing Lipura sigra dhatang | Senapati kapanggih sira alinggih | ing kuda acêcalang || |
| 034.008 | Kyai Gêdhe Wuragil mangkyangling | hèh Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nimbalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika karsa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga [5: 6: Ngala...ga] || |
| 034.009 | maksih amanggung anitih wajik | jêngandika dutanira sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuhun | saking kuda kang dèn timbali | maksih anunggang jaran | jêngandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | dèn sampun rasa tunggal || |
| 034.010 | Kyai Gêdhe Wuragil mangkyangling | hèh Ngabèi Wilamarta sira | nêdha mudhun jaran age | nimbalakên pamuwus | Sultan Pajang mring Senapati | yèn wruha kang timbalan | ramaji pan mudhun | Senapati ing Mataram | duta kalih kapwa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga || |
| 034.011 | maksih anunggang anitih wajik | Angabèi Wilamarta mojar | lah Ki Gêdhe Wuragile | tan linyok ujar ingsun | Senapati Ngalaga iki | pan sampun wruh punika | yèn duta sang prabu | tan anarka yèn mudhuna | saking jaran pakênira lawan mami | tanduk mantri kang nistha || |
| 034.012 | Senapati ing Ngalaga angling | hèh ngabèi lawan Wilamarta | ragane kita kinèngkèn | duta kalih umatur | dahat ulun duta ramaji | angêmban pangandika | nira sang pukulun | mangan nginum marènana | asebaa marang Pajang dipun aglis | myang kita akurisa || |
| 034.013 | duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap sutanira | lawan rabinipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni [5: 7: mêmarè...ni] apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan || |
| 034.014 | ulun kinèn akurisa iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pagene ya cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para matura | marang sang pukulun | yèn mangkono ujar ingwang | duta kalih Wilamarta Ki Wuragil | amit mulih mring Pajang || |
| 034.015 | agya lampahe anuli prapti | pan tumamèng marang abyantara | cundhuk mangsah prabu age | nêmbah angusap lêbu | ring suku sang nulya alinggih | tumungkul mahangrêpa | ling duta sang prabu | hèh Sultan Sutawijaya | aubanggi ing uni kinèn rumiyin | lumampah anèng wuntat || |
| 034.016 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ri sêdhêng anèng purane | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnyangling | Senapati Ngalaga | kadyapa puniku | rèh andika pakênira | nora mangkat ingandikan ing ramaji | tan wande mêmungsuhan || |
188–189 dari 1.487