Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 234
195–196 dari 1.487
1.950–1.959 dari 14.865
| 034.081 | punang lintang sigra dènnya angling | wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah ing dhèwèke | ênggènira manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning sang | amurwèng pandulu | ing mêngko wus tinarima | marènana kang dera pêlêng wus kêni | tinarima dening Hyang || |
| 034.082 | mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dibya sêkti pinunjul | para ratu ing tanah Jawi | miwah ing tanah sabrang | pra samya anungkul | tumêka ing sutanira | myang pêputu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan || |
| 034.083 | saturunira jumênêng aji | ing Mataram suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | langkung keringanipun | amêkasi dadi nrêpati | nulya nagara rêngka | myang lintang kumukus | grahana surya lan wulan | gugur-gunung udan awu myang karikil | cihna nagara rêngka || |
| 034.084 | aglis lintang murca mring wiyati | Senapati amicarèng nala | baya ta prapta ing mangke | pasthi sun madêg ratu | suta têka ing putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ingsun pandam tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna || |
| 034.085 | Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati ing Ngalaga | aja ngujubriya têmbe | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | benjang têka ing têmah | sira manggih mungsuh | yèn anèng têngah payudan | pasthinipun wintang tan kêna tinagih [5: 22] | ran gon amasthèkna |[1]| |
| 034.086 | kadipundi goning ngandêl iki | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | ora pasthi tinangguh | pae janma pasthi pinanggih | ujar dede lan iya | pasthi yèn katêmu | beda padha sami janma | rèhning swara jaij[2] arane puniki | wênang dudu lan iya || |
| 034.087 | têka besuk yèn praptèng ing jurit | datan wande ingsun lawan sira | tan wurung ngawaki dhewe | kalah mênanga besuk | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi yèn dadi tawan || |
| 034.088 | Senapati garjita ing ati | amiyarsa tuture kang paman | Juru Martani wastane | Senapati amuwus | kadipundi rèh dika mangkin | kula darma lumampah | inggih ulun anut | ing saparipolah dika | wong kêkalih ing karsa dadosa siji | dika kalawan kula || |
| 034.089 | Kyai Juru Amartani angling | yèn mangkono payo rêrêmbugan | ujare ana dalile | tinêdha ing Hyang Agung | gampangêna sêdya puniki | sakèhe kang tinêdha | kang angèl puniku | muga èsmu gampangêna | alah nêdha pêpatahan rêbut kardi | payo anuli mangkat || |
| 034.090 | ingsun munggah ing gunung Marapi | pakanira[3] dhatênga samodra | lah têdhanên dipun age | nyatakêna dèn tuhu | ing pasthine karsaning Widi | lah nêdha sarêng mintar | sarênga atundhuk | Senapati kapêthukan | nulya [5: 23] kesah ngetan bênêr sigra prapti | ambyur ing kali Umpak || |
195–196 dari 1.487
| 1 | Kurang satu suku kata: karan gon amasthèkna. (kembali) |
| 2 | gaib. (kembali) |
| 3 | pakênira. (kembali) |