Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 234
197–198 dari 1.487
1.968–1.977 dari 14.865
| 034.099 | mina pêsut myang ambara kingkin | gajah mina upama prawata | bandêng kalawan kalalèn | padha malêbèng banyu | ing samodra toya lwir api | gajah mina sadaya | sowang-sowangipun | sarta lan sakèh nguyutan | padha kagyat naga ngungsi ing pratiwi | sudira tan darana || |
| 034.100 | tatkalanya bêlahing jaladri | mapan kalah pana nagagendra | palayunira pan age [5: 25] | kèn balèg jroning banyu | pan lumembak anèng jaladri | nulya sira gumiwang | bubagra gumuruh | rindhike pan mawilêtan | kilat thathit angin wetan kidul prapti | toya cihna kiyamat || |
| 034.101 | gurnitanya pan kagiri-giri | toya munggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | masila ring kanthile manik | sigra manggung mangrênggang | dènira alungguh | dening naga kang malaywa | mêtu anon atakut sira ningali | tasik minggah prawata || |
| 034.102 | Nyai Kidul sigra dènnya angling | salawase ingsun durung mulat | samodra kaya mangkene | ingkang baskara runtuh | dening toya sagara iki | lwir agni ing naraka | mina padha lampus | baya ta arêp kiyamat | jagat ika Nyai Kidul mudhun aglis | jumênêng palataran || |
| 034.103 | Nyai Kidul mulat jagat êning | kang kasăngga dènira prawata | tan ana jalma wêwanèh | anging jalma kang luhung | ana ngadêg têpining tasik | Senapati Ngalaga | nanging kang kadulu | Nyai Kidul sigra mojar | baya iki kang gawe laraning tasik | antya dènira rusak || |
| 034.104 | Nyai Kidul mudhun nulya prapti | pinggir tasik sigra amangrêpa | abukuh ing palungguhe | sigra mangsah macundhuk | lawan Senapati Matawis | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | Nyai Kidul sigra prapta | Nyai Kidul mabukuh konjêm ing siti | grananira myang muka [5: 26] || |
| 034.105 | Nyai Kidul lingira awingit | hèh sang nata ilangêna denta | aru-ara ing têmahe | wagning sagara kidul | sakathahe isine iki | kita adipatinya | sang nata pukulun | pan darbenira sadaya | mapan anut sakarsanira puniki | jin lawan parayangan || |
| 034.106 | tanpa gawe sira janma lêwih | têka ngrusak gêgaweanira | sakarsa andika angrèh | yèn sira darbe kayun | parayangan kalawan êjin | adunên yèn apêrang | ngalahêna mungsuh | para ratu tanah Jawa | yèn sira yun sineba ing para êjin | tanah Jawi sadaya || |
| 034.107 | parayangan balanira êjin | ngalahêna mungsuhira aprang | sira dadi ratu gêdhe | bapa babuning ratu | anging sira ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | trêp ing manahipun | miyarsakkên aturira | Nyai Kidul anarka yèn Mangkubumi | prabu tanpa sisingan[1] || |
| 034.108 | sarupane mina ing jaladri | kang mati sampun urip sadaya | samya lêbda jiwa kabèh | Nyai Kidul gya mantuk | Senapati nulya tut wuri | tumamèng ing samodra | tan têlês ing banyu | sampun rawuh ing kadhatyan | sarêng linggih Ni Kidul lan Senapati | raras ati tinêmbang || |
197–198 dari 1.487
| 1 | singsingan. (kembali) |