Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36 dari 234
207–208 dari 1.487
2.063–2.072 dari 14.865
34. Sultan Pajang utusan dhatêng Mataram, nyatakakên punapa èstu Senapati badhe malik tingal
036.013 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | ri sêdhêng anèng purane | siniwi lêmahdhuwur | masilar ing kathile manik | abra ujwalanira | alêlamak babut | wau anyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan bêdhil | sanjata têngên kiwa ||
036.014 mantri Pajang pêpêkan anangkil | sami matur kang wadya sadaya | ulun miyarsa wartane | sutanira [5: 39] sang prabu | Senapati anèng Matawis | yakti balik karsanya | wong dhomas lumaku | anyithak bata kinarya | pêpagêre kutha bacingah apragi | anjrokkên lêlarenya ||
036.015 Sultan Pajang sigra dènnya angling | sutèng ulun Dipati Banawa | kita lumampaha age | kalawan si tumênggung | ing ngamăncanagara iki | lawan Dipati Tuban | ipenira iku | maringa sira Mataram | ucapêna kakangira Senapati | têmêne lawan ora ||
036.016 tri kang duta sigra nêmbah amit | nulya mêsat saking pangayunan | wus budhal sigra lampahe | pun pangalasan sèwu | mantri Pajang kang dadi têlik | mapan iku samitra | nênggih tunggal guru | myang Senapati Ngalaga | tinutakên marang ing Mataram aglis | sigra sira wêwarah ||
036.017 Senapati pan ulun puniki | tinutakên marang pakênira | awêwarah ing wartane | Sultan Pajang anêngguh | dintên benjing duta kang prapti | Pangeran ing Banawa | lawan ki tumênggung | amăncanêgara ika | lawan mantu anênggih Dipati Tubin | tri padha wirotama ||
036.018 Senapati ing Ngalaga aglis | nulya mapag anèng Randhulawang | lawan santanane kabèh | dêdamêl dhomas kumpul | wus arakit têtarub sami | minăngka palêrêban | sama bêkta suguh | gajah jaran pan samêkta | wong Mataram kêrig lampit dhudha santri | ana ing Randhulawang ||
036.019 Adipati Banawa gya prapti | Randhulawang Senapati mapag | katingal tumurun [5: 40: tu...murun] age | adan mangsah acundhuk | Adipati Banawa bakti | ya ta arêrangkulan | adhuh sanak ingsun | kawula puniki kakang | kangên têmên alami datan apanggih | lan karsa jêngandika ||
036.020 Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Banawa | anungganga èsthi age | angandika ing luhur | ing turăngga mapan tan bêcik | nulya sarêng umunggah | ing palana sampun | panakawan Astranaya | wadya Pajang ambocèng nginggiling èsthi | angucap jroning nala ||
036.021 lah manawi wontên karya jurit | inggiling liman ulun sarênga | mati kalawan gustine | têtalinira iku | palanane dipun pêthêti | ing pangote cebolan | iku purwanipun | wadya Mataram yèn seba | pangote cebolan kinandhutan kari | binêktaa sewaka ||
036.022 tarkanira Astranaya iki | karanipun sun pêthêti ika | aling-aling têtaline | arsa mêdal ing pungkur | agampanga pamiyak mami | gèningsun anuduka | sarêng ulun ngamuk | anèng sainggiling liman | jurunira Senapati ing Matawis | pun Malik sarêng nunggang ||
207–208 dari 1.487