Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36 dari 234
207–208 dari 1.487
2.070–2.079 dari 14.865
| 036.020 | Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Banawa | anungganga èsthi age | angandika ing luhur | ing turăngga mapan tan bêcik | nulya sarêng umunggah | ing palana sampun | panakawan Astranaya | wadya Pajang ambocèng nginggiling èsthi | angucap jroning nala || |
| 036.021 | lah manawi wontên karya jurit | inggiling liman ulun sarênga | mati kalawan gustine | têtalinira iku | palanane dipun pêthêti | ing pangote cebolan | iku purwanipun | wadya Mataram yèn seba | pangote cebolan kinandhutan kari | binêktaa sewaka || |
| 036.022 | tarkanira Astranaya iki | karanipun sun pêthêti ika | aling-aling têtaline | arsa mêdal ing pungkur | agampanga pamiyak mami | gèningsun anuduka | sarêng ulun ngamuk | anèng sainggiling liman | jurunira Senapati ing Matawis | pun Malik sarêng nunggang || |
| 036.023 | tarkanira ujare Ki Malik | karan ingwang sarêng nunggang liman | anèng ing gulu ngayune | sarênga ulun ngamuk | pêjah gêsang sarêng lan gusti | madhêp marang palana | angkuse dèn singkur | andulu ing gustinira | Senapati ajajar dènnya alinggih | myang Dipati Banawa || |
| 036.024 | Adipati Banawa sirangling | kakang Senapati ing Ngalaga | kawula iki [5: 41] kinèngkèn | dening sultan tuwanku | jêngandika kapirsa nênggih | de rama jêngandika | akarsa amungsuh | ing ramanira jêng sultan | inggih nyata punapa datan sayêkti | ulun nêdha jinarwan || |
| 036.025 | Senapati sigra anauri | măngsa-borong kang matur ing sultan | ratu pan têrus tingale | tarkane tyas ing ulun | datan samar paduka aji | saparipolah ingwang | barkate sang prabu | kagêngan dalêm Mataram | datan narka yèn ulun kang andarbèni | mapan kagungan sultan || |
| 036.026 | ulun angaturakên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mataram | jêngandika pan gustine | yèn sawawi pukulun | tumanduka marang Matawis | mapan nagara tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos akarsa andika yayi | tanpa arak waragang || |
| 036.027 | Adipati Banawa sirangling | hèh tumênggung amăncanagara | nyata linyok ing wartane | bakite ingkang matur | marang rama sultan ing nguni | yaktine iki ora | ujare amungsuh | ingsun piandêl ing kakang | ing bêcike suguhe wadya Matawis | dadya cihna amêrta || |
| 036.028 | Adipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mataram | tumama ing kadhatone | nulya rawuh alungguh | pinarêk ing wadya Matawis | andhèr wadya ing Pajang | amrêgil supênuh | amundhut brêm lan waragang | ya ta nuli agêpah dènnya anglarih | galaganjur tinêmbang || |
| 036.029 | adipati ing Tuban sirangling [5: 42: si...rangling] | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêkas kasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya || |
207–208 dari 1.487