Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36 dari 234
206–207 dari 1.487
2.053–2.062 dari 14.865
036.003 hèh Ki Senapati ing Matawis | aywa ngandêlakên yèn arosa | têguh sêkti digdayane | tumamèng sagaragung | kadya ngambah dharatan siti | dadya ujub myang riya | kibir wastanipun | tan wênang yèn lampahana | wali mukmin andohakên pangabêkti | pamor gusti kawula ||
036.004 aja kaya sira bumi langit | myang sagara kalawan prawata | bumi iku wahanane | yèn janmaa amuwus | ngandêlakên jêmbaring bumi | kalawan kandêlira | nanging mung puniku | tan ana prayoganing lyan | kadya gunung mung gêdhene lawan inggil | tan darbe pangulatan ||
036.005 lawan sira aja kaya langit | ngandêlakên jêmbar lan awiyat | mung punika digdayane | miwah sagara [5: 37: saga...ra] agung | ngandêlakên jêmbar ngidêri | lawan ajro tan jajag | gurnita kang alun | gêdhene pindha prawata | pan gumuruh swarane agêgilani | mung puniku dayanya ||
036.006 yèn sira yun lulus dadi aji | anganggea sokur lawan rêna | ênêba kêna êninge | pan pasthi dadi ratu | ing Mataram dènira linggih | myang para ratu Jawa | kabèh padha nungkul | aseba maring Mataram | anrahakên bulubêkti sabên warsi | dhatêng Raja Mataram ||
036.007 alah payo mulih mring Matawis | ulun arsa mampir umahira | anulya lumampah age | susunan adi wau | Senapati Ngalaga nênggih | lampahira lwir kilat | sakêdhap wus rawuh | sang maha pandhita mojar | wismanira tan angangge pagêr jawi | kêbo sapi ingumbar ||
036.008 ya ta angandika sunan adi | hèh Ki Senapati ing Ngalaga | sisip sira ing ngasrahe | angkuhira pan dudu | Senapati anèng Matawis | dadi lan riyanira | kabir[1] lawan ngujub | kêbo sapi tanpa kandhang | wahanane sapa wani maring kami | durjana ingkang dhustha ||
036.009 kang angangge ênêb lawan êning | lêlakone sokur lawan rêna | awisma lawan pagêre | kêbo sapi yèn nusul | kêluhane kang dèn cêkêli | yèn mantuk maring wisma | kandhangna dèn kukuh | saloroke pinêthokan | turonana lawange lamun ing wêngi | nuli sira asraha ||
036.010 anganggea andum lan amilih | dèn apatut kalawan agama | kalawan ing [5: 38] drigamane | ibtipar dipun agung | pakewuhe dipun rundhani | ambabarakên dana | anganggea sukur | karane dipun pracaya | laku linggih solah muna lawan muni | minăngka panêngêran ||
036.011 anganggea sira pagêr jawi | lah atêgên wongira Mataram | sabên-sabên katigane | anyithaka puniku | sabên warsa têka sakêdhik | saolèhe wong dhomas | anganggea sukur | ingarah dadi bacingah | pirabara lumakua aja kibir | bantênên sabên warsa ||
036.012 nulya nyandhak mandhêlêm cinangking | mèsi toya pandhita lumampah | akarya watês dalane | toya mandhêlêm mancur | pan lumampah sang wiku adi | ingiring Senapatya | lah turutên iku | ing benjang karyanên kutha | babadana wong dhomas cacah Matawis | dadi bantalan karsa ||
206–207 dari 1.487

 


kibir. (kembali)