Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36–37 dari 234
211–212 dari 1.487
2.109–2.118 dari 14.865
| 036.059 | Ki Dipati Banawa puniki | mapan wode ing wradayaningwang[1] | iku lanang sajugane | saature ngong gugu | măngsa iki ngrusak ing kami | măngsa iku doraa | pan nagaranipun | dadi ewuh tampaningwang | mapan karo tan ingsun gugu sirèki | pan sun pikir ujarnya || |
| 036.060 | sun tuture kakangirèng nguni | kala bocah dadi panakawan | ingsun raina asare | Senapati atunggu | anèng dagan ingsun aguling | ana karsaning Suksma | ula gêdhe anung | arsa narajang maringwang | Senapati tangginas dènnya nyêkêli | ula pinêdhot pêjah || |
| 036.061 | wis mangkone ingsun acangkrami | marang wana ing rame samana | anggêrit sangsam myang banthèng | Senapati pan milu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri Pajang kapisah | kalawan ing ulun | anggiring banthèng anjangan[2] | apan ulun katungkul dening anggêrit | kalawan garwaningwang || |
| 036.062 | wus mangkana ana banthèng kanin | nulya ngamuk tan ana amapag | panggritan tinêmpuh age | Senapati [5: 49: Senapa...ti] amêthuk | nyêkêl sungu pan siji sisih | rosa ingkang andaka | pokah ingkang sungu | banthèng niba kapisanan | iya iku digdayane Senapati | sêdhênge lagi bocah || |
| 036.063 | mangke malih sangsaya asêkti | pan wis tuwa waspadèng wêweka | widagda ing sasmitane | amikanakên sêmu | apan ulun wikan ing wangsit | sakarsanira mothah | apan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lwir gon ngong yoga brăngta || |
| 37. Asmaradana | |
| 35. Radèn Pabelan, Tumênggung Mayang dipun tundhung dhatêng Samarang, lajêng dipun rêbat dhatêng Senapati | |
| 037.001 | datatita lingnya nguni | kocapa Tumênggung Mayang | atmajane bagus anom | Radèn Pabelan namanya | dahat tan arsa krama | yayahnya saha pitutur | sangêt pamrêdèng ing suta || |
| 037.002 | pakartine saha nilib | tansah kinèn akramaa | nanging tan arsa ing mangke | ramanya pêgêl ingkang tyas | dènnyagung ambalasar | tan apilih papan iku | tan wruh mantri myang sudagar || |
| 037.003 | yyan ana kasênêng galih | apilih kang nora kêna | saking baguse rahadèn | yayah wus pêgêl ingkang tyas | sêdya pinrih parastra | ring rama ngartikèng kalbu | sira Ki Tumênggung Mayang || |
| 037.004 | sêdya pinanjingke puri | parastraa ring karenah | tan tahan matèni dhewe | dadya ari pamisaya | kalêpatan ing sultan [5: 50: su...ltan] | kênaa ring jangjinipun | kapindho dadyaning cidra || |
| 037.005 | sutanya agya dèn syangi | kang nama Radèn Pabelan | hèh pêcil timbalanage | sutèng ulun Ki Pabelan | dutanira gya kesah | prapta ngarsane kang sunu | sigra ingkang duta mojar || |
211–212 dari 1.487
| 1 | wardayaningwang. (kembali) |
| 2 | manjangan. (kembali) |