Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36 dari 234
210–211 dari 1.487
2.100–2.109 dari 14.865
036.050 Radèn Răngga datan amalêsi | sakeca wau dènnya abêksa | anêlasakên solahe | Dipati Tuban muwus | Radèn Răngga malêsa aglis | apan padha digdaya | padha têguh-têguh | ing ulun sampun pracaya | pira bêtah sira nora amalêsi | rêmêk wasananira ||
036.051 kinèn malês sapisan ping kalih | tri tan miyang Radèn Răngga ika | maksih eca baksa tamèng | Dipati Tuban muwus | kakang Senapati Matawis | Radèn Răngga punika | ulun atag sampun | amalêsa ing wong Tuban | datan arsa yèn botên kita abani | lah ta kènên malêsa ||
036.052 Senapati ing Ngalaga angling | sutèng ulun lah Răngga malêsa | pan gustinira kang akèn | Radèn Răngga anuhun | nulya sèlèh sanjata aglis | tumandang karo tangan | pinapag anêmpuh [5: 47: anê...mpuh] | wong ing Tuban tinanganan | amung pisan mukanya pêcah wor gêtih | kulit katut ing tangan ||
036.053 mantri Pajang gawok aningali | kawilotamane[1] Radèn Răngga | gègèr lolos mantuk kabèh | prapta ing Pajang sampun | mangsêh cundhuk marang sang aji | manêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu | Pangeran Banawa ngrêpa | palungguhe abukuh konjêm ing siti | Risang Sutawijaya ||
036.054 Pangran Banawa matur ngabêkti | sampun kawula dhatêng Mataram | amaspadakkên tingkahe | Senapati puniku | datan wontên tilase balik | malah ulun pinapag | Ngrandhulawang suguh | asêgah dhatêng kawula | sinungga-sungga ulun ingkang abêkti | têlas wadya Mataram ||
036.055 sakathahe dêdamêl Matawis | gajah jaran lawan èstrinira | amêthuk têka rabine | sumăngga karsèng ulun | miwah wana isine ênting | banthèng kidang manjangan | kinarya sêsuguh | yèn ulun kala anendra | para rabi sumandhing ulun ngêpêti | ya ta tut pra kathaya ||
036.056 pun tumênggung amăncanagari | sigra matur dhatêng Sultan Pajang | inggih yaktos pambalike | suta pukulun iku | Senapati Ngalaga nênggih | sagêd akarya gêlar | wong agung asêmu | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata yêktos kakang Senapati | ambalik ing sang nata ||
036.057 ing tarkane tyas ulun puniki | kakang Senapati ing Ngalaga | yèn papagêna jurite | dêdamêl Pajang sèwu | pinarênga mara ajurit [5: 48: aju...rit] | pasthi datan anăngga | widagda atêguh | Senapati pan satunggal | digdayane lêwih kang wong sanagari | têpis wiring rat Jawa ||
036.058 Sultan Pajang kampita ing ati | amiyarsa ature punggawa | myang tanaya lan mantune | anarka lamun nêmpuh | ing têmahe prana ing jurit | Sultan Pajang gya mojar | maring ki tumênggung | sira mantriningsun lawas | măngsa sira goroha maring ing kami | sakèhe aturira ||
036.059 Ki Dipati Banawa puniki | mapan wode ing wradayaningwang[2] | iku lanang sajugane | saature ngong gugu | măngsa iki ngrusak ing kami | măngsa iku doraa | pan nagaranipun | dadi ewuh tampaningwang | mapan karo tan ingsun gugu sirèki | pan sun pikir ujarnya ||
210–211 dari 1.487

 


kawirotamane. (kembali)
wardayaningwang. (kembali)