Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 234
228–229 dari 1.487
2.273–2.282 dari 14.865
| 039.060 | duta mangsah tumama ing puri | kapangguh Senapati Ngalaga | duta marêk nêmbah age | palungguhe abukuh | sigra matur mring Senapati | ulun mapan kang duta | pangalasan sèwu | atur uninga paduka | rayi tuwan Dipati Dêmak ing mangkin | anitihi byantara || |
| 039.061 | mantri Pajang padha yun ambalik | datan [5: 76: da...tan] eca gènipun ngawula | dhatêng ratune kang mangke | gêgadhuhan pinundhut | mantri Pajang sadaya sami | kang rong duman dalêman | sadaya kang kantun | marmine giwang kang manah | Pajang rusak yèn dalu garigis maling | rintên arêbat sawah || |
| 039.062 | lan manawi pukulun puniki | darbe karsa angrabasèng Pajang | mapan dawêg mupung mangke | ing paos arubiru | datan wontên têlênging ati | wadya Pajang sadaya | pan namung pukulun | samăngsa tuwan mijila | jawi kitha mantri ing Pajang ambalik | umiring ing paduka || |
| 039.063 | Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu mangke | atarima ing ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | lêwih takdiripun | angrabasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanagari | rusake ari Dêmak || |
| 039.064 | lamun ingsun kinon ing Hyang Widi | apan gampang lawan karsaning Hyang | Dipati Dêmak rusake | yèn kinarsakkên iku | dening Suksma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | mapan ora ewuh | tan kêna sêdya ngrusaka | dening janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Suksma || |
| 37. Nagari Pajang dipun bêdhah dhatêng Panêmbahan Senapati. Sultanipun dipun wangsulakên dhatêng Dêmak. Pangeran Banawa jumênêng sultan ing Pajang | |
| 039.065 | wontên ta ingkang winuwus malih | kang kocapa Pangeran Banawa | kang anèng Jipang kithane | dibya glana tyasipun | duk angungkung napsu tan gingsir | lumampah kasutapan | lali pangan [5: 77: panga...n] turu | nalika ayun aboga | lamun ana sisan kawula binukti | tibèng lêmah dhinahar || |
| 039.066 | prapta dènira samadi êning | anaritis unggyanira nendra | datan kauban wangone | wayah ing têngah dalu | ana swara kapirsa nênggih | datan ana rumêksa | wêgilên puniku | pan dadi sarananira | kakangira Senapati ing Matawis | tan ana sarana lyan || |
| 039.067 | sarêng ilang swara nulya tangi | Adipati Banawa gya mojar | duta sira pan sun kèngkèn | wêgilên saranèku | Senapati anèng Matawis | aturana dènira | duta gya tumanduk | anulya praptèng Mataram | dyan tumama ing abyantara kapanggih | Senapati Ngaloga[1] || |
| 039.068 | duta Jipang nêmbah matur aris | gusti lampahing ulun punika | adhapur ulun kinèngkèn | dening rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêng paduka ngaturan | ing Pajang anêngguh | tuwanku sutaning sultan | alinggiha ing Pajang jumênêng aji | punika ingkang karsa || |
| 039.069 | Kyai Agêng Senapati angling | hèh sang duta lah sira matura | maring ariningsun age | apan ingsun tan waruh[2] | sakarsane rêbat nagari | kalawan kakangira | mapan wangênipun | ulun iki winarisan | ing Mataram de rama sultan ing nguni | ingsun têtêpa uga || |
228–229 dari 1.487
| 1 | Ngalaga. (kembali) |
| 2 | wêruh. (kembali) |