Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 234
228–229 dari 1.487
2.276–2.285 dari 14.865
039.063 Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu mangke | atarima ing ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | lêwih takdiripun | angrabasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanagari | rusake ari Dêmak ||
039.064 lamun ingsun kinon ing Hyang Widi | apan gampang lawan karsaning Hyang | Dipati Dêmak rusake | yèn kinarsakkên iku | dening Suksma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | mapan ora ewuh | tan kêna sêdya ngrusaka | dening janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Suksma ||
37. Nagari Pajang dipun bêdhah dhatêng Panêmbahan Senapati. Sultanipun dipun wangsulakên dhatêng Dêmak. Pangeran Banawa jumênêng sultan ing Pajang
039.065 wontên ta ingkang winuwus malih | kang kocapa Pangeran Banawa | kang anèng Jipang kithane | dibya glana tyasipun | duk angungkung napsu tan gingsir | lumampah kasutapan | lali pangan [5: 77: panga...n] turu | nalika ayun aboga | lamun ana sisan kawula binukti | tibèng lêmah dhinahar ||
039.066 prapta dènira samadi êning | anaritis unggyanira nendra | datan kauban wangone | wayah ing têngah dalu | ana swara kapirsa nênggih | datan ana rumêksa | wêgilên puniku | pan dadi sarananira | kakangira Senapati ing Matawis | tan ana sarana lyan ||
039.067 sarêng ilang swara nulya tangi | Adipati Banawa gya mojar | duta sira pan sun kèngkèn | wêgilên saranèku | Senapati anèng Matawis | aturana dènira | duta gya tumanduk | anulya praptèng Mataram | dyan tumama ing abyantara kapanggih | Senapati Ngaloga[1] ||
039.068 duta Jipang nêmbah matur aris | gusti lampahing ulun punika | adhapur ulun kinèngkèn | dening rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêng paduka ngaturan | ing Pajang anêngguh | tuwanku sutaning sultan | alinggiha ing Pajang jumênêng aji | punika ingkang karsa ||
039.069 Kyai Agêng Senapati angling | hèh sang duta lah sira matura | maring ariningsun age | apan ingsun tan waruh[2] | sakarsane rêbat nagari | kalawan kakangira | mapan wangênipun | ulun iki winarisan | ing Mataram de rama sultan ing nguni | ingsun têtêpa uga ||
039.070 ri sang duta sigra nêmbah amit | sêsandêran mulih maring Jipang | wus rawuh ing kadhatone | cundhuk lan gustinipun | duta matur wêkase uni | Senapati punika | mapan wis tinutur | Pangeran [5: 78: Pange...ran] Banawa mojar | hèh sang duta balia sirèng Matawis | ing Pajang aturêna ||
039.071 duta mêsat lampahe lêstari | ya ta wangsul dhatêng ing Mataram | tumama ing kadhatone | Senapati kapangguh | ri sang duta manêmbah angling | gusti amba punika | pan kinèn awangsul | dening ta rayi paduka | apan tuwan amêksa dipun aturi | dening ta rayi tuwan ||
039.072 Adipati Banawa anênggih | ingkang karsa ing Pajang punika | datan suka ing manahe | kang raka madêg ratu | pan kawêling sultan ing nguni | adipati ing Dêmak | umadêga ratu | lamun andika tan karsa | jênêngakên rayi ta madêg narpati | lêhêng rêke pêjaha [6: 3] ||[3]
228–229 dari 1.487

 


1 Ngalaga. (kembali)
2 wêruh. (kembali)
3 § Lajêng nyandhak jilid: 6. (kembali)