Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 42
27–28 dari 206
265–274 dari 2.057
04.013 nulya samya asung dhahar | kadang wraganira prapti | tan kawarna polahira | glis carita ki apatih | samana arsa nêpi | kupulkên nak putunipun | hèh kulawangsaniwang | kabèh [[f. 28v]: ka...bèh] ing wêwêkas mami | ingsun nêpi anèng sanggar ing langgatan ||
04.014 rurubana awak iwang | saega kaya wong mati | ingsun atapa anedra | ki apatih nulya guling | mujung dipun rurubi | wêwêkas ing anak putu | aja kawungu iwang | yèn durung tutug dalêm ing | kawan dasa dina miwah kawan candra ||
04.015 atanapi kawan warsa | poma-poma wêkas mami | samya mituhu sadaya | ki patih sampun ngastuti | kocapa ni apatih | nusul marang lakinipun | wus jangkêp ing samaya | kawan dasa dina nuli | anakira anggugah dhatêng kang rama ||
04.016 kiyai dika wungua | sampun jangkêp tigang dasi | dina malah kalangkungan | dahat datan anglinglir[1] |[2] ginugah wali-wali | nora obah ramanipun | anulya inguduran[3] | ngatosakên[4] kawan sasi | nulya prapta ni patih tanya kang priya ||
04.017 jinarwan anêpi sanggar | sampune muni kang wêli[5] | nulya nusul mara[6] sanggar | karsane tumut ngastuti | sarêng prapta anui | angujungi lakinipun | lajêng nêngga kang raka | anulya tumut aguling | tugal ulês sampun karsani[7] Yyang Sukma ||
04.018 wong têmên-têmên gurunya | surga naraka cinangking | kapanggih anèng dêlahan | gancang carita wus prapti | ing dalêm kawan sasi [[f. 29r]] | nulya wau putranipun | lumaksana mring sanggar | kalukita maksih guling | ikang ibu anugil tumut anendra ||
04.019 carita ikang satêngah | kawan dasa dina uni | satêngahe kawan cadra | kang satêngah kawan warsi | anulya dipun tangangi |[8] ingayog-ayog tan wungu | ikang putra graita | dêdumèke rama kalih | yèn palastra amasthi iki wus basah ||
04.020 yèn gêsanga iki obah | winiyak muguhing sikil | kagyat dudu warnanira | nulya sinikab[9] kang samir | katingal rama bibi | dadya sêjata[10] gung-agung | warna mancur apelag | wus karsaning dewa luwih | putra anjrit kulawangsanira prapta ||
04.021 abyuk sadaya karuna | sêsambate amlasasih | akathah kang ginupita | nulya putra jalêr prapti | kang wus dadi Bupati | Ngiba nagara puniku | myang Dipati Ciancang | wus prapta samya nukêmi | panangise sêsambat kadi wanodya ||
04.022 tan kawarna wong kang brăngta | wus kapirsa têpis wiri[11] | gancang carita anulya | tur uninga sri bupati | sandêran putra kalih | jog tanpa larapan matur | dhumatêng sri narendra | purwa wasana wus ênti | kagyat mirsa pyuh ing tyas tanpa jamuga ||
27–28 dari 206

 


anglilir. Bandingkan: ngalilir (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.16.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: dahat ta datan ngalilir (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.16.4). (kembali)
ingunduran (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.16.7). (kembali)
ngantosakên (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.16.8). (kembali)
wêling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.17.2). (kembali)
marang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.17.3). (kembali)
karsaning (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.17.9). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: anulya dipun tangi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.19.5). (kembali)
siningkab (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.20.4). (kembali)
10 sênjata (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.20.6). (kembali)
11 wiring (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.22.2). (kembali)