Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 42
28–29 dari 206
274–283 dari 2.057
| 04.022 | tan kawarna wong kang brăngta | wus kapirsa têpis wiri[1] | gancang carita anulya | tur uninga sri bupati | sandêran putra kalih | jog tanpa larapan matur | dhumatêng sri narendra | purwa wasana wus ênti | kagyat mirsa pyuh ing tyas tanpa jamuga || |
| 04.023 | anjêngêr sri naranata | tigang pandurat tan angling | gêgêtun kaya matia [[f. 29v]] | miwah ratu pramèsyari | nata nukma ing galih | ikang sisip jênêng isun | wus karsaning dewata | adhuh iya bapa patih | sasurupe măngsaa ingsun lalia || |
| 04.024 | sri narendra mêsu tingal- | ira nulya tan kaèksi | musna datanpa karana | kagyat ratu pramèsyari | sirna kang raka aji | ajrit pramèsyari kantu | gumrah para parêkan | sarêng wungu raja dèwi | uwarana wong Galuh samya budhola[2] || |
| 04.025 | nusula mring Sukapura | pramèsyari tan kaèksi | murca datanpa karana | gumêrah tangis jro puri | ikang mêdal ing jawi | nêmbang tangara wus kupul | wong Galuh sagamannya | myang upacara nêrpati | sampun bubar gancangan mring Sukapura || |
| 04.026 | kawarnaa sri narendra | layyan ratu pramèsyari | jlêg tanpa sangkan wus lênggah | sumandhing kang dados bêdhil | bubar kang ngandhêp[3] sami | lumayu kabêntus-bêntus | putrane ki apatya | pawèstri warna yu luwih | pan wuragil awasta Langênasmara || |
| 04.027 | ayun lunga nulya nata | ngandika ja lunga nini | têka ligiha ing dagan | anèng ulon sri bupati | ana karasa ngati | ni rara lênggah tumukul | lakung jrih ing narendra | sri bupati nukmèng galih | iya iki bêdhil ikang kasupêna || |
| 04.028 | wus karsan[4] dewa bathara [[f. 30r]: ba...thara] | suka duka sri bupati | sukane ipèn katêkan | dukane sri narapati | ical babot[5] nêgari | ki apatih musnanipun | wadyabala wus prapta | dinulu lir gunung gêni | kèhing bala kadi sagara balabar || |
| 04.029 | anulya kinèn baktaa | bidhil[6] kalih mring nêgari | sri bupati kèn angakat[7] | sèkêt sowang punang jalmi | nêgih nora kawawi | wong satus nora kajujung | kawan atus tan kangkat | angandika sri bupati | payo bapa biyang mulih mring nagara || |
| 04.030 | wus kangkat binakta sira | para putrane angiring | miwah Ni Langênasmara | sang prabu musna tan kèksi | myang ratu pramèsyari | sampun prapta ing kadhatun | kocapa kang lumampah | tinata lampahing jalmi | punang bêdhil rinaja-raja mêgala[8] || |
| 04.031 | jajarane tudha-tudha | ing ngarsa lawan ing wiking | atanapi kèri kanan | kadya lampahe sang aji | prapta Galuh nêgari | jalma nêningali agung | gêbagan arantaban | tuwa anom gêdhe cili | samya ngucap ki apatih norana |[9]| |
28–29 dari 206
| 1 | wiring (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.22.2). (kembali) |
| 2 | bodhola (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.24.9). (kembali) |
| 3 | ngadhêp (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.26.5). (kembali) |
| 4 | karsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.28.1). (kembali) |
| 5 | bobot (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 6 | bêdhil (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.29.2). (kembali) |
| 7 | angangkat (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.29.3). (kembali) |
| 8 | mênggala (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.30.9). (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: samya ngucap ki apatih nora nana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.31.9). (kembali) |