Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 42
29–30 dari 206
283–292 dari 2.057
| 04.031 | jajarane tudha-tudha | ing ngarsa lawan ing wiking | atanapi kèri kanan | kadya lampahe sang aji | prapta Galuh nêgari | jalma nêningali agung | gêbagan arantaban | tuwa anom gêdhe cili | samya ngucap ki apatih norana |[1]| |
| 04.032 | ikang uninga angucap | iya iku ki apatih | kang sêng lah wuwusira |[2] dudu iku ki apatih | duk ngulati kang bêdhil | lan garwa ka[3] patih lampus | iya ta iku uga | kunêng warnanên sang aji | lawan garwa pinarêk ing sitibêntar || |
| 04.033 | punang sanjata wus prapta | sinung gèn wontên sitigil [[f. 30v]: si...tigil] | kanglangkung[4] inguparêngga | lampis[5] pitu punang samir | kinabong warni-warni | sutra pêthan[6] i jro iku | anuli sutra jênar | rinangkêpan sutra wilis | sutra rêkta sutra irêng jawinira || |
| 04.034 | jawi nuli rinakêpan[7] | sakêlat[8] brit lampis kalih | rakêpe ing jawi pisan | kang sutra pathola wilis | lakung dipun pêpêtri | nora nana jalma wêruh | mawi tuguk[9] kêmitan | alah muktine duk urip | putra èstri pinudhut sampun kagarwa || |
| 04.035 | dening nata kinasihan | tansah gènira karonsih | Ni Dèwi Langênasmara | punika kang dèn lilani | mêmêtri punang bêdhil | ing ritên[10] myang dalunipun | bêdhil wus sinung nama | Ki Satomi kang satugil | kang satugal Jaka Pêkik wastanira || |
| 04.036 | kang bêdhil dadi têngêran | ala bêciking nagari | sarta dadi pakaulannya |[11] cinarita bisa nangis | yèn pinarag gêgêring | nagari bêdhil puniku | anênêdha ing dewa | mili toya drês awêning | rêrêbatan tinadhahan karya tămba || |
| 04.037 | barang kang wêwêlak ilang | ikang sumilih pêpatih | putra tuwa winastanan | Ki Mangkupraja Dipati | putranira taruni | angrèh êpu dhomas iku | karèh Langênarsmara[12] | anyaosi karsanèki | duk sêmana wus lama jumênêng nata || |
| 04.038 | kèringan ngrat pramudita | nagara Jawa wus radin | dhatêng nagri [[f. 31r]: na...gri] tanah sabrang | samya seba sri bupati | kalok ing rat sabumi | darbe bêdhil tiban prabu | sarta kutha têtiban | jlag[13] tanpa sangkan sang aji | mila samya pramudita jrih sadaya || |
| 04.039 | cinatur sampun alama | jênêngira sri bupati | ing Galuh sampun pêputra | tiga saking pramèsyari | Ratu Galuh kang nami | Rêtna Murdaningrat iku | istri ikang satugal | kang jumênêng prabu èstri | Nusyatambini nagri Nusyakambangan || |
| 04.040 | ikang rayi kalih lanang | jumênêng Pangran Dipati | Mudhingsari[14] Pakuningrat | arinira kang wuragil | nama Pangeran Ari | ikang putra sanès ibu | mijil Langênarsmara | jalu kêkalih kang nami | ikang sêpuh awasta Jayèngasmara || |
29–30 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: samya ngucap ki apatih nora nana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.31.9). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang satêngah wuwusira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.32.3). (kembali) |
| 3 | ki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.32.6). (kembali) |
| 4 | kalangkung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.33.3). (kembali) |
| 5 | lapis (dan di tempat lain). (kembali) |
| 6 | pêthak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.33.6). (kembali) |
| 7 | rinangkêpan (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.34.1). (kembali) |
| 8 | sangkêlat (dan di tempat lain). Bandingkan: sêngkêlat (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.34.2). (kembali) |
| 9 | tungguk (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.34.7). (kembali) |
| 10 | rintên (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.35.6). (kembali) |
| 11 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sarta dadi pakaulan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.36.3). (kembali) |
| 12 | Langênasmara (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.37.7). (kembali) |
| 13 | jlêg (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.38.8). (kembali) |
| 14 | Mundhingsari (dan di tempat lain). (kembali) |