Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 42
30–31 dari 206
292–301 dari 2.057
04.040 ikang rayi kalih lanang | jumênêng Pangran Dipati | Mudhingsari[1] Pakuningrat | arinira kang wuragil | nama Pangeran Ari | ikang putra sanès ibu | mijil Langênarsmara | jalu kêkalih kang nami | ikang sêpuh awasta Jayèngasmara ||
04.041 kang tarunan[2] Jayèngsêkar | kang sêpuh sinung nagari | jumênêng Pangran Jakarta | dening ta Pangeran Ari | wus jumênêng Bupati | Batên[3] Pangran Ari Prabu | lakung atut sêsanak | sêmana sampun alami | nata merad lan garwa ikang gumatya[4] ||
04.042 Mundhingwangi dadya nata | arine dadi pêpatih | ikang aran Jayèngsêkar | tulus jênêngira aji | norana kawis-kawis | anulya pêputra Prabu | Mundhingsari arannya | kang kathah nora kawilis | wus alama Mudhingsari pan gumatya ||
04.043 jumênêng Galuh nagara | tulus nora kawis-kawis | anulya pêputra lanang | Lutungkasarung [[f. 31v]: Lu...tungkasarung] kang nami | gumanti dadya aji | iya nagara ing Galuh | putra saking ampiyan | Raja Bangah kang wêwangi | putra padmi kang badhe gêntèni nata ||
04.044 Radèn Sêsuruh namanya | jênêng pangeran dipati | jênêngira sri narendra | pan rêka ikang nagari | pinarag ing gêgêring | mati esuk sore lampus | manti[5] suk sore pêjah | lakung arêm[6] kang nagari | sri nalendra lakung rujit manahira ||
04.045 enjang miyos sinewaka | pêpak pra nayaka sami | miwah ikang para putra | Patih Mangkupraja ngarsi | angandika sang aji | Mangkupraja isun utus | ngupadosa usada | risake ikang nêgari | yèn tan antêmua[7] masthi sira pêjah ||
04.046 yèn tan atuk[8] kang usada | sira patih aja mulih | ingsun atêdah kewala | i Gunung Padhang ku patih | ana wong tapa luwih | Sang Gurayèng namanipun | iku sira jujuga | manawa bisa nambani | amit nêmbah patih kentar asmu brăngta ||
04.047 lakune amirong kănca | lajêng pan tan mulih pati[9] | ki patih amurang marga | narajang wana awêrit | mugah tumurun ngardi | Gunung Padhang kang jinujug | patapan sri kawuryyan | patalunanipun asri | pêpak sangkêp têtaduran[10] sri kawuryyan ||
04.048 banjaran asri katingal | pêpêthetanipun asri | sinalisir kêkêmbangan | awênês tur warni-warni | tudha-tudha kang kari [[f. 32r]] | amawi paseban agung | pan rineka kadhatyan | sokasanane angrawit | punang toya gumrèjèng[11] jinalatudha[12] ||
04.049 adawa lamun cinadra | ki patih gawok ningali | pasang rakiting patapan | têka rêmên aningali | sang ayogi wus uni[13] | yèn wontên utusan ratu | cantrik kinèn gêgêlar | ki patih dipun aturi | wus alênggah ki patih lawan sang tapa ||
30–31 dari 206

 


Mundhingsari (dan di tempat lain). (kembali)
taruna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.41.1). (kembali)
Bantên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.41.6). (kembali)
gumantya (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.41.9). (kembali)
mati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.44.7). (kembali)
orêm (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.44.8). (kembali)
atêmua (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.45.9). (kembali)
antuk (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.46.1). (kembali)
patih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.47.2). (kembali)
10 têtanduran (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.47.9). (kembali)
11 gumrènjèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.48.9). (kembali)
12 jinalatundha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.48.9). (kembali)
13 uning (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.49.5). (kembali)