Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4–5 dari 42
30–31 dari 206
297–306 dari 2.057
| 04.045 | enjang miyos sinewaka | pêpak pra nayaka sami | miwah ikang para putra | Patih Mangkupraja ngarsi | angandika sang aji | Mangkupraja isun utus | ngupadosa usada | risake ikang nêgari | yèn tan antêmua[1] masthi sira pêjah || |
| 04.046 | yèn tan atuk[2] kang usada | sira patih aja mulih | ingsun atêdah kewala | i Gunung Padhang ku patih | ana wong tapa luwih | Sang Gurayèng namanipun | iku sira jujuga | manawa bisa nambani | amit nêmbah patih kentar asmu brăngta || |
| 04.047 | lakune amirong kănca | lajêng pan tan mulih pati[3] | ki patih amurang marga | narajang wana awêrit | mugah tumurun ngardi | Gunung Padhang kang jinujug | patapan sri kawuryyan | patalunanipun asri | pêpak sangkêp têtaduran[4] sri kawuryyan || |
| 04.048 | banjaran asri katingal | pêpêthetanipun asri | sinalisir kêkêmbangan | awênês tur warni-warni | tudha-tudha kang kari [[f. 32r]] | amawi paseban agung | pan rineka kadhatyan | sokasanane angrawit | punang toya gumrèjèng[5] jinalatudha[6] || |
| 04.049 | adawa lamun cinadra | ki patih gawok ningali | pasang rakiting patapan | têka rêmên aningali | sang ayogi wus uni[7] | yèn wontên utusan ratu | cantrik kinèn gêgêlar | ki patih dipun aturi | wus alênggah ki patih lawan sang tapa || |
| 04.050 | alênggah nanging sapucangan |[8] angandika sang atapi | lah bageya ki apatya | punapa ta wontên kardi | umatur sang apatih | igi[9] wontên laku ulun | iya wis sun uninga | sira kinongkon sang aji | kinèn mudhut usadane kang nagara || |
| 04.051 | pinarag dening wêwêlak | atut sabda tuwan iki | anuwun ikang wasana | isun tan bisa nambani | iki turênèng aji | gadhong[10] alang-alang arum | tandurên kang lor wetan | ki apatih wus atampi | amit mudur lampahira sigra-sigra || |
| 04.052 | tan kawarna sampun prapta | nagari sowan sang aji | wus katur salampahira | ingandikakkên nanêmi | sampun pinêndhêm siti | nagari waluya sampun | mulya kadya duk kuna | kang padha jalma asakit | samya waras [[f. 32v]: wa...ras] tinaban[11] durma kang pêjah || |
| 5. Durma | |
| 05.001 | sampun waluyya nagri Galu[12] punika | eca manah wong cili | kunêng kawarnaa | putranira sang nata | pabajêng[13] èstri satugil | rat jagat tan meba |[14] ayunira rêspati || |
| 05.002 | anglir ikang cagah[15] prabu rara ika | ing Galuh duk rumiyin | tinari akrama | sangêt dènnya lêgana[16] | pinaksa dèn plaur mati | kang rama duka | tinudhung[17] sang suputri || |
30–31 dari 206
| 1 | atêmua (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.45.9). (kembali) |
| 2 | antuk (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.46.1). (kembali) |
| 3 | patih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.47.2). (kembali) |
| 4 | têtanduran (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.47.9). (kembali) |
| 5 | gumrènjèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.48.9). (kembali) |
| 6 | jinalatundha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.48.9). (kembali) |
| 7 | uning (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.49.5). (kembali) |
| 8 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lênggah nanging sapamucang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.50.1). (kembali) |
| 9 | inggih. Bandingkan: igih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.50.6). (kembali) |
| 10 | godhong (dan di tempat lain). (kembali) |
| 11 | tinamban (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.52.9). (kembali) |
| 12 | Galuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.1.1). (kembali) |
| 13 | pambajêng (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.1.5). (kembali) |
| 14 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing rat tan memba (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.1.6). (kembali) |
| 15 | canggah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.2.1). (kembali) |
| 16 | lênggana (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.2.4). (kembali) |
| 17 | tinundhung (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.2.7). (kembali) |