Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 42
26–27 dari 206
256–265 dari 2.057
04.004 kang saya ngrudatin nala | lami dènira akingkin | nora kêna sinewaka | sirêp sakèh wong nagari | dening duka sang aji | sang nata nêdha dewa gung | anula[1] tinurunan | aja dadi susah kaki | bêdhil iku kaki aji ya wis ana ||
04.005 nanging durung kawadaka | têmpuhêna mring si patih | katêmu tan katêmua | iya si patih udani | musna kagyat sang aji | anjêngêr tan kêna muwus | wahanane supêna | enjing sang prabu tinangkil | pêpak kabèh pra mănca para dipatya ||
04.006 miwah mantri lan lêlurah | êmpu dhomas suwan sami | egar sakèh wadyabala | dening sang prabu tinangkil | wus lipur kang aruntik | kang wadya jêjêl supênuh | sang nata angandika | mring apatih sêmu runtik | bapa patih majua dèn marang ngarsa ||
04.007 ki patih maju mranata | angandika sri bupati | alah bapa ulatana | ipèn ingsun darbe bêdhil | sun têmpuhkên sirèki | têmu tan têmua iku | cekoh regoha sira | bapa patih aja mulih | lamun nora ya katêmu ipèn iwang ||
04.008 yèn tan katêmu dènira | amasthi isun patèni | bapa lamun dudu sira | tambak nagara têtidhih | kaya norana maning | ki apatih awotsantun | sandika aturira | ing manah [[f. 28r]] sampun kadugi | nata kondur kang asowan samya bubar ||
04.009 ki patih mantuk ing wisma | bada[2] tangan ismu kikin | mirong dadot tan ngartika | ni patih mapag ing margi | uning kang raka runtik | dhuh kiyai guruningsun | padhohan[3] watên paran | beda lan dhingin kiyai | anauri lah nyai sira mênênga ||
04.010 lah mêngko ingsun pêpoyan | ingsun dèn pudhuti[4] bêdhil | dènira sri naranata | dèn têmpuhakên ing kami | yèn tan olèh mas ari | manira amasthi lampus | anulya rabinira | ni patih dèn bêbisiki | wis karia ingsun lunga ariniwang ||
04.011 ni patih asru karuna | sêsambate amlasasih | arsa milu jrih ing raka | mugi anaa dewa sih | olèha laki mami | ing karsanira sang prabu | adawa yèn winarna | ki patih sampun atêbih | tan kawarna wus têka ing Sokapura ||
04.012 anak putune amapag | lanang wadon gêdhe cili | sêsugun ing polahira | kadingarène kiyai | têka prapta pribadi | apa kadukan sang prabu | ki patih wus alênggah | akusut tan kêna angling | anak putunira samya angabaktya ||
04.013 nulya samya asung dhahar | kadang wraganira prapti | tan kawarna polahira | glis carita ki apatih | samana arsa nêpi | kupulkên nak putunipun | hèh kulawangsaniwang | kabèh [[f. 28v]: ka...bèh] ing wêwêkas mami | ingsun nêpi anèng sanggar ing langgatan ||
26–27 dari 206

 


anulya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.4.7). (kembali)
bănda (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.9.2). (kembali)
pasowan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.9.7). (kembali)
pundhuti (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.10.2). (kembali)