Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 42
26–27 dari 206
257–266 dari 2.057
| 04.005 | nanging durung kawadaka | têmpuhêna mring si patih | katêmu tan katêmua | iya si patih udani | musna kagyat sang aji | anjêngêr tan kêna muwus | wahanane supêna | enjing sang prabu tinangkil | pêpak kabèh pra mănca para dipatya || |
| 04.006 | miwah mantri lan lêlurah | êmpu dhomas suwan sami | egar sakèh wadyabala | dening sang prabu tinangkil | wus lipur kang aruntik | kang wadya jêjêl supênuh | sang nata angandika | mring apatih sêmu runtik | bapa patih majua dèn marang ngarsa || |
| 04.007 | ki patih maju mranata | angandika sri bupati | alah bapa ulatana | ipèn ingsun darbe bêdhil | sun têmpuhkên sirèki | têmu tan têmua iku | cekoh regoha sira | bapa patih aja mulih | lamun nora ya katêmu ipèn iwang || |
| 04.008 | yèn tan katêmu dènira | amasthi isun patèni | bapa lamun dudu sira | tambak nagara têtidhih | kaya norana maning | ki apatih awotsantun | sandika aturira | ing manah [[f. 28r]] sampun kadugi | nata kondur kang asowan samya bubar || |
| 04.009 | ki patih mantuk ing wisma | bada[1] tangan ismu kikin | mirong dadot tan ngartika | ni patih mapag ing margi | uning kang raka runtik | dhuh kiyai guruningsun | padhohan[2] watên paran | beda lan dhingin kiyai | anauri lah nyai sira mênênga || |
| 04.010 | lah mêngko ingsun pêpoyan | ingsun dèn pudhuti[3] bêdhil | dènira sri naranata | dèn têmpuhakên ing kami | yèn tan olèh mas ari | manira amasthi lampus | anulya rabinira | ni patih dèn bêbisiki | wis karia ingsun lunga ariniwang || |
| 04.011 | ni patih asru karuna | sêsambate amlasasih | arsa milu jrih ing raka | mugi anaa dewa sih | olèha laki mami | ing karsanira sang prabu | adawa yèn winarna | ki patih sampun atêbih | tan kawarna wus têka ing Sokapura || |
| 04.012 | anak putune amapag | lanang wadon gêdhe cili | sêsugun ing polahira | kadingarène kiyai | têka prapta pribadi | apa kadukan sang prabu | ki patih wus alênggah | akusut tan kêna angling | anak putunira samya angabaktya || |
| 04.013 | nulya samya asung dhahar | kadang wraganira prapti | tan kawarna polahira | glis carita ki apatih | samana arsa nêpi | kupulkên nak putunipun | hèh kulawangsaniwang | kabèh [[f. 28v]: ka...bèh] ing wêwêkas mami | ingsun nêpi anèng sanggar ing langgatan || |
| 04.014 | rurubana awak iwang | saega kaya wong mati | ingsun atapa anedra | ki apatih nulya guling | mujung dipun rurubi | wêwêkas ing anak putu | aja kawungu iwang | yèn durung tutug dalêm ing | kawan dasa dina miwah kawan candra || |
26–27 dari 206
| 1 | bănda (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.9.2). (kembali) |
| 2 | pasowan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.9.7). (kembali) |
| 3 | pundhuti (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 4.10.2). (kembali) |