Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
40 dari 42
200–201 dari 206
1.998–2.007 dari 2.057
| 40.010 | atur sêmbah kawula ngutus pun kakang | Pangeran Mangkubumi | ngaturi uninga | kêkasih dalêm pêjah | sampyuh lawan pun Pasagi | atur kêthokan | tiwas pun Mangkubumi || |
| 40.011 | dening mêsah dalêm mangke sampun sayah | akathah ikang mati | anuwun ing karsa | punapa [[f. 182r]] linajêngna | dhatêng bang wetan turnèki | pun Mangkubumya | sapidhahipun malih || |
| 40.012 | jisime Senapatya anuwun karsa | dipun pêtak ing pundi | ngandika narendra | Rănggapita balia | tibalana Mangkubumi | padha muliha | sakèhe wong Matawis || |
| 40.013 | dening arêp abanjur marang bang wetan | durung măngsa ing mangkin | tur măngsa wurunga | anglurug mring bang wetan | yèn wus mangsane ing benjing | pan putuniwang | angrata tanah Jawi || |
| 40.014 | lan jisime Senapati dèn pêtêka | aran desa ing Wêdhi | duta nêmbah kentar | sang nata angandika | mring wadya warahên aglis | ya rabinira | putra ngong Senapati || |
| 40.015 | yèn lakine pralina padha mapaga | marang desa ing Wêdhi | sampun dhinawuhan | kagyat Ni Senapatya | alara-lara anangis | watên putranya | èstri wulanjarnèki || |
| 40.016 | Mas Balibing kantaka niba ing lêmah | lir grah syaraning tangis | dalêm Senapatyan | dawa winarna brăngta | wus dandan kang samya nangis | kèh rabinira | wragane Senapati || |
| 40.017 | wong patang puluh kang mati rabinira | alara dènnya nangis | ya ta wus lumampah | Ni Nyai Senapatya | anjujug desa ing Wêdhi | duta kocapa | pasanggrahan wus prapti || |
| 40.018 | pêpak putra Mataram wus dhinawuhan | satibalan nêrpati | nulya samya [[f. 182v]: sa...mya] bubar | mulih dhatêng Mataram | lan jisime Senapati | samya urunan | kinèn mêtak ing Wêdhi || |
| 40.019 | kang angirid Nayakarti pan wus bubar | sampun prapta ing Wêdhi | Nyai Senapatya | mêthuk ngusya bandhusa | sêsambate amlasasih | putra wanodya | kantaka niba siti || |
200–201 dari 206