Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 42
200 dari 206
1.991–2.000 dari 2.057
40.003 para putra pangamuke kadi Parta | kinarutug ing bêdhil | sinasog ing tubak | linêmbing binrangkolang | suligi kadi garigis | datan tumama | ngamuk saya nêngahi ||
40.004 lindhu awor wong bang wetan akèh pêjah | prajurit kathah mati | gègère puyêngan | kalidhih wong bang wetan | dêl Surabaya kèh mati | mantri ro pêjah | Jaladra Wiramantri ||
40.005 Adipati [[f. 181v]: Adipa...ti] Gêndhing lan Jayalêlana | sarêng malik kulambi | mundur mukur menda | nora anolèh rencang | nusup galagah andhêlik | samya bêbandhang | sakèh wadya Matawis ||
40.006 mundur kang mênang prang dhatêng pamodhokan | Pangeran Mangkubumi | rêmbagan utusan | tur uning panêmbahan | sêsandêran kang tinuding | ikang kocapa | Rănggapita wus prapti ||
40.007 sampun marêk ing sang aji tur uninga | yèn Senapati mati | jêngêr panêmbahan | suwe mêdal kang waspa | gêgêtunira tan sipi | micarèng nala | dhuh jêbèng Senapati ||
40.008 nora nyana yèn sira nulya palastra | iya ingsun kang sisip | purwane mêngkana | dening bêbadhong ika | isun ikang bogan ugi | lah anak iwang | sira ingsun belani ||
40.009 atangara panêmbahan ing Mataram | sikêp dalêm abaris | gajah pinalanan | kuda wus kinakapan | arsa bubar nuli prapti | duta tur wikan | wus marêk sri bupati ||
40.010 atur sêmbah kawula ngutus pun kakang | Pangeran Mangkubumi | ngaturi uninga | kêkasih dalêm pêjah | sampyuh lawan pun Pasagi | atur kêthokan | tiwas pun Mangkubumi ||
40.011 dening mêsah dalêm mangke sampun sayah | akathah ikang mati | anuwun ing karsa | punapa [[f. 182r]] linajêngna | dhatêng bang wetan turnèki | pun Mangkubumya | sapidhahipun malih ||
40.012 jisime Senapatya anuwun karsa | dipun pêtak ing pundi | ngandika narendra | Rănggapita balia | tibalana Mangkubumi | padha muliha | sakèhe wong Matawis ||
200 dari 206