Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
41 dari 42
204–205 dari 206
2.034–2.043 dari 2.057
| 41.018 | mantrinira kabèh saur paksi | aturira pan padha mêngkana | samya wutah prasatyane | Dipati Pathi muwus | lah tarima sêtyamu sami | winalêsa dening Yyang | pan sampun amudhut | wastra kalawan barana | agêganjar tan kaliwatan [[f. 185r]: kaliwata...n] waradin | nulya kinèn tangara || |
| 41.019 | bêndhe tinêmbang pêpak kang baris | gêgaman agêng bêndera amyang | lir gunung kawlagar mangke | nulya bubar sadarum | ki dipathi nèng wuri |[1] nitih pun Sariyuda | ginêrbêg wadya gung | kuda pinangagèn mubyar | wadya Pathi polahe lir banthèng kanin | anglir macan tanaya || |
| 41.020 | tan kawarna lampahe wong Pathi | kawarnaa raja ing Mataram | sineba wadyabalane | kajinêman tur wêruh | yèn wong Pathi bubar nèng margi | anglurug mring Mataram | ngandika sang prabu | hèh wong Mataram tataa | angiringa putraningsun Ki Dipati | iku ingsun kon mapag || |
| 41.021 | atanapi putra-putra mami | matur Adipati Măndaraka | kadipundi karsa rajèng | anglampahakên sunu | nanging pangrasaning ati mami |[2] rayi Nata Santênan | yèn dede sang prabu | datan wontên kang puruna | panêmbahan ngandika kakang sun êprih | rayi dika elinga || |
| 41.022 | malah mandar wiranga ing ati | lah ta wêkas isun putraniwang | pamanmu elingna mangke | Mataram duwèkipun | dening arsa amungsuh mami | nora ngladèni iwang | yèn maksa pamanmu | têka sira ladènana | ing jurite nanging ta dèn ngati-ati | pamanira prawira || |
| 41.023 | alah uwis lah bubara kaki | iki waos lah sira gawaa | tur sêmbah lèngsèr ngarsane | bubar baris sadarum | lampah tata lir pendah ardi | kawlagar tan kawarna | ganti kang kawuwus | Dipati Pathi wus prapta | mondhok Malon gaman gêng wadya Matawis | amondhok Parambanan || |
| 41.024 | tatan-tatan pan kasaput wêngi | enjing bubar Dipathi Santênan | lumaris ngantêp yudane [[f. 185v]: yu...dane] | gaman gêng ing Matarum | wus lumampah kandhêg kang baris | ngling Pangran Adipatya | sakèh wong Matarum | dhêgna dhingin gamanira | sun nêmoni si paman wus kandhêg sami | laju Pangran Dipatya || |
| 41.025 | kang tut wiking mung wong magêrsari | lan pacara myang para sêntana | pangran sinosongan[3] jêne | Dipati Pathi dulu | sapa ikang mrene dèn iring | magêrsari pacara | warnane abagus | pinêrpêkan Ki Dipatya | awas dulu yèn kang putra asru runtik | ing manah sangêt merang || |
| 41.026 | de ngamungkên putra mapag jurit | ngrasa binocahan sru ngandika | êndi bapakira thole | kinèn paran sirèku | ikang putra umatur aris | raka dika nèng pura | kinèn mapag ulun | paman ing lampah sampeyan | kinèn matur andika karsa punapi | lumampah mring Mataram || |
| 41.027 | bakta baris akathah kang wêling | raka dika kajêng panêmbahan | ing Mataram sawarnine | darbèk dika sadarum | sigra angling Dipati Pathi | mênênga putraniwang | isun uga wus wruh | lêgêde ramakmu kuna | wus basane ramakmu ngenaki ati | dèn prih mudura ingwang || |
204–205 dari 206
| 1 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: Ki Dipati Pathi nèng wuri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.19.5). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nging pangrasaning ati mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.21.5). (kembali) |
| 3 | sinongsongan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.25.3). (kembali) |