Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
41 dari 42
203–204 dari 206
2.025–2.034 dari 2.057
| 41.009 | siniba[1] bala pêpak kang mantri | sagupita duta Pathi prapta | tumangmèng ngarsa sang rajèng | Patradita wotsantun | ămba ngutus de rayi aji | angaturkên baktinya | kaping kalihipun | kinèn nuwun waos lawan | jêjêrira kinarya mêthuk kang baris | wong bang wetan kang prapta || |
| 41.010 | arsa gêcêk nagari ing Pathi | angandika Sang Prabu Mataram | wong gêdhong mudhuta age | waos sigra wus katur | alah ênya waos sadhidhik | aturna ariniwang | Patradita matur | punika waos kewala | iya ingsun nora duwe jêjêrnèki | anging waos kewala || |
| 41.011 | turna si adhi Santênan dhingin | Patradita nêmbah amit kentar | Dipati Măndraka ture | punapa karsa prabu | sinung waos jêjêr tan mawi | lah kakang wruhanira | rinira rêp mungsuh | angayoni wong Mataram | lah sakèhe wadyabala ing Matawis | padha aprayatnaa || |
| 41.012 | tan asuwe utusan kang prapti | saking Dêmak ngaturi uninga | yèn Pathi mêpêk barise | saryya angirup-irup | ikang êlèr Warung wus kêni | anging wadya ing Dêmak | dèrèng purun nukul | sumăngga karsa narendra | ngandika ji lah iya balia maning | warahên ari Dêmak || |
| 41.013 | têka muwêra bae si adhi | duta nêmbah amit sampun mêsat | dèrèng ngadhaton sang rajèng | maksih parentah wau | wong Mataram kèn dandan baris [[f. 184v]: ba...ris] | padha ngati-atia | wus saos sadarum | Dipathi[2] Pathi kocapa | dawêgira seneba[3] ing bala mantri | prajuritira pêpak || |
| 41.014 | Ki Apatih Mangunjaya ngarsi | Arya Sidurja[4] Rajamênggala | jajar aligih ngarsane | Tohpati jajar luguh | Sawunggaling Binarong ligih | ajajar lawan Dêmang | Surèngpati iku | ajajar Ki Pêcattadha | Kandhuruan Wilatikta mugèng ngapti | punika ka santana || |
| 41.015 | angandika Adipati Pathi | hèh sakèhe mantri-mantriniwang | miwah sanak isun kabèh | pan isun ajêjaluk | rewangana ingong puniki | amusuh ing Mataram | lêbu gêni isun | ngong jaluk pati ripira | sakathahe mantri samya awotsari | nuwun datan lênggana || |
| 41.016 | pasthini Yyang sun musuh Matawis | kabèh padha atêrêna iwang | ingsun jaluk kawanène | nanging pangrasanisun | nora mênêng[5] pasthi sun mati | priye gon sun mudura | janjini[6] Yyang Agung | wadyanya nangings[7] sadaya | samya matur panêdha kawula gusti | sampun anuli seda || |
| 41.017 | pan kawula pêjaha rumiyin | yèn wus pêjah sakarsa andika | nèng wuri muktia anggèr | Sawunggaling umatur | dhuh pangeran kawula gusti | yèn alêbu tumangan | mêsah wong Matarum | kawula dhingin pêjaha | nora purun kawula ngawula malih | liyanipun sampeyan || |
| 41.018 | mantrinira kabèh saur paksi | aturira pan padha mêngkana | samya wutah prasatyane | Dipati Pathi muwus | lah tarima sêtyamu sami | winalêsa dening Yyang | pan sampun amudhut | wastra kalawan barana | agêganjar tan kaliwatan [[f. 185r]: kaliwata...n] waradin | nulya kinèn tangara || |
203–204 dari 206
| 1 | sineba (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.9.1). (kembali) |
| 2 | Dipati (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.13.8). (kembali) |
| 3 | sineba (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.13.9). (kembali) |
| 4 | Sindurja (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.14.2). (kembali) |
| 5 | mênang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.16.5). (kembali) |
| 6 | janjining (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.16.7). (kembali) |
| 7 | nangis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.16.8). (kembali) |