Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 42
31–32 dari 206
305–314 dari 2.057
5. Durma
05.001 sampun waluyya nagri Galu[1] punika | eca manah wong cili | kunêng kawarnaa | putranira sang nata | pabajêng[2] èstri satugil | rat jagat tan meba |[3] ayunira rêspati ||
05.002 anglir ikang cagah[4] prabu rara ika | ing Galuh duk rumiyin | tinari akrama | sangêt dènnya lêgana[5] | pinaksa dèn plaur mati | kang rama duka | tinudhung[6] sang suputri ||
05.003 sampun kesah dalu lawan êmbanira | mangetan parannèki | lakung mati raga | kang akêr dipun ambah | ênêngna kocap kang kari | nata sineba | pêpak kang wadya mantri ||
05.004 angandika hèh Apatih Mangkupraja | isun arsa ngayoni | mring si ajar Gunung |[7] Padhang Garyèng arannya | sira pajar lamun luwih | wruh osik iwang | dyadya mêngko apatih ||
05.005 garwaningsun panêpi sira gawaa | iku durung garbini | agawea cidra | lah kandhutana waja | dimon kaya wong garbini | sira akokna | wêtêngane ing nguni ||
05.006 lamun lair apa lanang pa wanodya | nêmbah kentar ki patih | bakta garwa nata | prapta ing Gunung Padhang | Sang Guriyèng angling aris | punapa [[f. 33r]: pu...napa] karya | ki patih dhatêng ngriki ||
05.007 măngsa barong[8] andika pan sampun lipad[9] | iya sun ki apatih | wus wruh lakunira | kinèngkèn ing sang nata | kinèn nakokkên kang rabi | dènira wawrat | matura sri bupati ||
05.008 wawratane kang garwa patih ku uga | yèn têka ing antawis | iya miyos lanang | tur ku gagah prakosa | lan manira angaturi | lalab-lalaban | iki gadhong kêkêji ||
05.009 iki enak ginawe lalab adhahar | ki patih anampèni | anulya pamitan | lakunira wus prapta | nagri Galuh sowan ngaji | matur anêmbah | lampah ămba wus prapti ||
05.010 Ngardi Padhang abakta garwa narendra | wawratane garwa ji | dipun cêthang[10] lanang | tur agagah prakosya | benjang yèn dhatêng antawis | nata ngandika | apa mêngkono patih ||
31–32 dari 206

 


Galuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.1.1). (kembali)
pambajêng (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.1.5). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing rat tan memba (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.1.6). (kembali)
canggah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.2.1). (kembali)
lênggana (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.2.4). (kembali)
tinundhung (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.2.7). (kembali)
Biasanya guru lagu a. Bandingkan: ngarga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.4.3). (kembali)
borong. (kembali)
limpad (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.7.1). (kembali)
10 cêtha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.10.3). (kembali)