Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 42
33–34 dari 206
329–338 dari 2.057
05.025 undhang dalêm sapa ora amilua | sarupani[1] wong sami | matèni si ajar | sun ilokkên dosanya | wong Galuh tumandang sami | pinarêbutan | kinarubut ngajurit ||
05.026 sinudukan tinubak[2] miwah [[f. 34v]] pinêdhang | agandhi[3] gada namsir | piling lawan panah | tibane kadya warsa | bêdhil mimis lir garigis | nara[4] tumama | astra pêpêr capèki ||
05.027 Ki Guriyèng eca dènira alênggah | katur ing sri bupati | ki ajar tan pêjah | nulya kèn nibalana | êmpu dhomas sampun prapti | kinèn tumandang | pukul gada lan piling ||
05.028 tan tumama anêlasakên gêgaman | norana miyatani | anolya ingobar | ki ajar nora pêjah | ginadhi[5] sinilêm warih | nora tumama | bêndu sri narapati ||
05.029 hèh sirajar ya pagene no[6] pêjah |[7] Gariyèng mèsêm angling | sang nata dèn têlas | tapak palu gurida[8] | tanapi landhêping kikir | gêgaman Jawe |[9] nora matèni mami ||
05.030 alah apa sira go matèni iwang | masthi nora nadhasi[10] | lamun têmên sira | amrih ing patiniwang | nya iki sun duwe sêking | ran Pacakarya[11] | sudhatên poling sikil ||
05.031 isun kang kiwa masthi ngong nuli pêjah | nanging sira dèn eling | benjang kalampahan | angambung konthol iwang | masthi isun amalêsi | hèh alah iya | nora ingsun ocati[12] ||
05.032 wus sinudhat êpolane[13] ikang kiwa | ki ajar wus ngêmasi | kawandane ilang | kawarna wus alama | garwa nata kang [[f. 35r]] garbini | dhatêng antara | lair kang jabang bayi ||
05.033 miyos jalu lakung bagus warnanira | kêmbar lan sri bupati | wus katur anulya | dinulang pas baruwang | nanging nora miyatani | bêndu sang nata | nulya kinèn madhahi ||
05.034 kandhaga kancana ki patih kèn buwang | Citandhu sampun kèli | karsaning jewata[14] | kacêpit ing bêbara | ênêngna ikang winarni | ana wong tuwa | wismane pigir[15] kali ||
33–34 dari 206

 


sarupaning (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.25.2). (kembali)
tinumbak (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.26.1). (kembali)
anggandhi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.26.2). (kembali)
nora (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.26.6). (kembali)
ginodhi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.28.5). (kembali)
nora (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.29.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: hèh sirajar ya pagene nora pêjah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.29.1). (kembali)
gurinda (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.29.4). (kembali)
Biasanya guru lagu a. Bandingkan: Jawa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.29.6). (kembali)
10 nêdhasi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.30.2). (kembali)
11 Păncakarya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.30.6). (kembali)
12 oncati (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.31.7). (kembali)
13 êmpolane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.32.1) (kembali)
14 jawata (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.34.3). (kembali)
15 pinggir (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.34.7). (kembali)