Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5–6 dari 42
36–37 dari 206
352–361 dari 2.057
| 05.048 | ika manuk apa bapa mencok i pang | têtêlu samya sandhing | warnane apelag | samya ngago jêjamang | Ki Belangatrang nauri | ciyung arannya | bapakane kang pinggir || |
| 05.049 | têngên ika kang têngah ya anakira | kang kiwa biyangnèki | Ki Jaka angucap | sun dudu anakira | seje rupa ika paksi | sami lan bapa | ora kaki nak mami || |
| 05.050 | Ki Jaka tumingal i pang na alênggah | satata lawan jalmi | têtêlu ajajar | bapa ika ta apa | Belangatrang anauri | ika wanara | kang têngah anaknèki || |
| 05.051 | ikang pigir karo bapak biyangira | Ki Jaka mèsêm aling[1] | ika si wanara | anak mèpêr[2] bapanya | isun iki wus amasthi | dudu nakira | bapa ingsun angalih || |
| 05.052 | rêmên ingsun anama Ciyungwanara | Ki Jaka mirsa bêdhil | gora barodongan[3] | bapa apa sun pirsa | kaya ngrubuhêna langit | iya sang nata | ngurmati putranèki || |
| 05.053 | pa karane bapa putra ingurmatan | ya jinênêngkên aji | ing Galuh nagara | Prabu Suruh arannya | bapa sun arsa ningali | ngampah tan kêna | Ki Jaka lumakya glis || |
| 05.054 | Belangantrang lan garwane atut wutat[4] | wus prapta ing nagari | pan kagyat Ki Jaka | dulu lah ika apa | gêng sun tingali puniki | dening apelag | gula milir gumanti [[f. 36v]] || |
| 6. Dhandhanggula | |
| 06.001 | airêng ngrênggunuk sun tingali | ika gajah kagungan sang nata | Dyan Ciyung amapagake | cinandhak gadhingipun | nulya dhêku kang punang èsthi | Radyan Ciyungwanara | arêmên adulu[5] | punang baris panthan-panthan | nulya lajêng ika sapa sun tingali | bapa ikang alênggah || |
| 06.002 | dhêdhampar mas sineba bupati | iya ika kaki sri narendra | prabu anom ikang mangke | Ciyungwanara muwus | dhuh abagus si kakang aji | dulunên ika bapa | padha lawan isun | bapa ji ikang atuwa | ana ngêndi kaki ana jroning puri | ngagur mung êmpu dhomas || |
| 06.003 | kang pinudhut Ki Jaka myangkya[6] ngling | isun nora arsa seba kangmas | payo seba rama rajèng | Belangantrang tan pasung | lan rabine agêgendholi | sinampi[7] ting palêsat | Ki Ciyung malêmbu[8] | nora mêdal pagêlaran | manjing pura kandhêg bale sawo uni | bale sawo punika || |
36–37 dari 206
| 1 | angling (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.51.2). (kembali) |
| 2 | mèmpêr (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.51.4). (kembali) |
| 3 | barondongan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.52.3). (kembali) |
| 4 | wuntat (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.54.1). (kembali) |
| 5 | andulu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.1.7). (kembali) |
| 6 | mangkya (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.3.1). (kembali) |
| 7 | sinampe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.3.6). (kembali) |
| 8 | malêbu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.3.7). (kembali) |