Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5–6 dari 42
36–37 dari 206
357–366 dari 2.057
05.053 pa karane bapa putra ingurmatan | ya jinênêngkên aji | ing Galuh nagara | Prabu Suruh arannya | bapa sun arsa ningali | ngampah tan kêna | Ki Jaka lumakya glis ||
05.054 Belangantrang lan garwane atut wutat[1] | wus prapta ing nagari | pan kagyat Ki Jaka | dulu lah ika apa | gêng sun tingali puniki | dening apelag | gula milir gumanti [[f. 36v]] ||
6. Dhandhanggula
06.001 airêng ngrênggunuk sun tingali | ika gajah kagungan sang nata | Dyan Ciyung amapagake | cinandhak gadhingipun | nulya dhêku kang punang èsthi | Radyan Ciyungwanara | arêmên adulu[2] | punang baris panthan-panthan | nulya lajêng ika sapa sun tingali | bapa ikang alênggah ||
06.002 dhêdhampar mas sineba bupati | iya ika kaki sri narendra | prabu anom ikang mangke | Ciyungwanara muwus | dhuh abagus si kakang aji | dulunên ika bapa | padha lawan isun | bapa ji ikang atuwa | ana ngêndi kaki ana jroning puri | ngagur mung êmpu dhomas ||
06.003 kang pinudhut Ki Jaka myangkya[3] ngling | isun nora arsa seba kangmas | payo seba rama rajèng | Belangantrang tan pasung | lan rabine agêgendholi | sinampi[4] ting palêsat | Ki Ciyung malêmbu[5] | nora mêdal pagêlaran | manjing pura kandhêg bale sawo uni | bale sawo punika ||
06.004 yèn gipoka[6] di găngsa muni |[7] Ki Ciyungwanara pan tumingal | kênul ginantung pan age | kênul nulya dèn gayuh | dipun taboh watone muni | unine kadi găngsa | lir bêndhe angukung[8] | tinitir gègèr paseban | prabu anom akèn nyêkêla sira glis | kinarubut ing bala ||
06.005 arsa cinêkêl Ki Ciyung aglis | nulya kirig pan pating palêsat | katur dhumatêng sang rajèng | anake sapa iku | aturira kang para [[f. 37r]] mantri | anake Belangantrang | tibalana iku | Belangantrang sampun prapta | sang nata ngling apa anakmu pribadi | Belangantrang tur sêmbah ||
06.006 inggih asal[9] kawula mêmagih | nulya ngandikan Ciyungwanara | prapta angujung sang rajèng | sumukêm anèng suku | sira sapa kang duwe siwi | wani ngujung maringwang | Ki Ciyung wotsantun | punapa paduka kilap | yèn tan emut igih sampun nuwun amit | nulya mudhut paesan ||
06.007 dan angilo paesan sang aji | mèsêm ngucap sira anakak[10] iwang |[11] kang sun buwang duk timure | Ki Ciyung awotsantun | lamun istu putra sang aji | dening pae lan kangmas | ngadêgakên ratu | kawula nuwun parentah | kaya priye wus kaliwat ujar mami | wus pasrah kakangira ||
06.008 yèn ingsun duwea ujar kalih | dadi ratu sangara ing jagat | Ciyungwanara ature | batên ulun angrêbut | panjênênganipun kaka ji | punika êmpu dhomas | kang kawula suwun | sampun paduka parentah | angagura ecaa dhahar aguling | saking kula lan kangmas ||
36–37 dari 206

 


wuntat (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 5.54.1). (kembali)
andulu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.1.7). (kembali)
mangkya (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.3.1). (kembali)
sinampe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.3.6). (kembali)
malêbu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.3.7). (kembali)
gêpoka. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn ginêpok kadi găngsa muni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.4.1). (kembali)
angungkung (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.4.7). (kembali)
angsal (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.6.1). (kembali)
10 anak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.7.2). (kembali)
11 Lebih satu suku kata. Bandingkan: mèsêm ngucap sira anak ingwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.7.2). (kembali)