Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 42
38 dari 206
371–380 dari 2.057
06.013 Jaka Sêsuruh tulus dadya aji |[1] Ki Ciyung marentah êmpu dhomas | damêl padalêman sae | kinêmbar lan kadhatun | arang seba pakaryanèki | ngupulkên êmpu dhomas | siyang lawan dalu | karya dandan gêgaman |[2] waos dhuwung bêdhil tawok[3] gada piling | tulup kalawan raras ||
06.014 kêbak paseban lawaning pati | warna-warna myang ukir-ukiran | nulya Ki Ciyung agawe | gêdhong wêsi pan agung | dipun ukir rinaja [[f. 38r]] wrêdi | tinatah ing mas abang | nayakane murub | cinêplok lawan sêsotya | muncar-mancur kang ing jro rineka jalmi | sajagat tan asama ||
06.015 nulya kang rama di dipun aturi |[4] lawan ibu kinèn maonana | sang prabu prapta dalême | lan ibu pramèsyantun | kagawokan dènnya ningali | pasang rakit kadhatyan | akalipun punjul | Ciyuwanara[5] amapag | atur bakti pinêngkul dening sang aji | bisa têmên ki putra ||
06.016 apa sira kang garap pribadi | igih sadaya kang êmpu dhomas | da sadaya ngladosi bae |[6] manjing ing dalêmipun | lajêng dhatêng ing gêdhong wêsi | anjêngêr sri narendra | miwah pramèsyantun | lir dede ukiran jalma | kaki iki sira kang ngukir pribadi | igih barkat paduka ||
06.017 mila paduka ămba aturi | maonana kaki putraniwang | norana winaon mangke | ingidêran sang prabu | bagus têmên pakaryanèki | matur Ciyungwanara | ing jro lakung bagus | sanès kalawan ing jaba | reka jalma dèrèng wontên kang maoni | ibu ratu sumăngga ||
06.018 nulya manjing pramèsyari aglis | kagawokan dènira tumingal | bisa têmên putraningong | durung isun adulu | kakang aji dika tingali | nulya manjing sang nata | inginêban sampun | kinuci[7] saking ing jaba | Radèn Ciyungwanara udhang[8] ing matri[9] [[f. 38v]: ma...tri] | tuguk akêmitana ||
06.019 poma sapa ana anguturi[10] | dhahare miwah ngaturi toya | mring rama sun ilokane[11] | sadosane puniku | samya ajrih sagunging mantri | wus lama sri narendra | anèng gêdhong iku | nora sinungan adhahar | miwah toya lakung dening kawlasasih | prabu anom amirsa ||
06.020 lamun sang nata nèng gêdhong wêsi | tinutupan tan sinungan dhahar | duka sang nata kalbune | tan duka karsanipun | arinisun ki adipati | nulya kinèn ngaturan | toya lawan sêkul | atanapi dhêdhaharan | ikang tuguk mêmit[12] sadaya samya jrih | sang nata nulya dhahar ||
06.021 lawan garwa ratu pramèsyari | Ciyungwanara tilik kang rama | mau akèh sêsambète[13] | mêngko kèndêl sang prabu | pa karane Ki Ciyung prapti | kang rama ibu nedra | andhêcah kadulu | dhêdhaharan sêkul ulam | lakung bêndu ikang kêmit dèn tibali | sapa asung dhêdharan ||
06.022 mara rama dening wani-wani | ikang têga umatur sadaya | raka paduka sang rajèng | Ciyungwanara bêndu | nora kêna ginawe bêcik | nulya sowan kang raka | prapta wus aluguh | punapa kangmas andika | ikang asung adhahar ing ma aji |[14] iya yayi mas iwang ||
38 dari 206

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: Jaka Sêsuruh tulus dadya ji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.13.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: karya dadanan [dandanan] gêgaman (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.13.8). (kembali)
towok (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: nulya kang rama dipun aturi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.15.1). (kembali)
Ciyungwanara. Bandingkan: Ciyungwênara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.15.8). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: sadaya ngladosi bae (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.16.3). (kembali)
kinunci (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.18.8). (kembali)
undhang (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.18.9). (kembali)
mantri (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.18.9). (kembali)
10 angaturi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.19.1). (kembali)
11 ilokake (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.19.3). (kembali)
12 kêmit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.20.9). (kembali)
13 sêsambate (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.21.3). (kembali)
14 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ikang asung adhahar ing rama aji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.22.9). (kembali)