Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 42
38–39 dari 206
377–386 dari 2.057
| 06.019 | poma sapa ana anguturi[1] | dhahare miwah ngaturi toya | mring rama sun ilokane[2] | sadosane puniku | samya ajrih sagunging mantri | wus lama sri narendra | anèng gêdhong iku | nora sinungan adhahar | miwah toya lakung dening kawlasasih | prabu anom amirsa || |
| 06.020 | lamun sang nata nèng gêdhong wêsi | tinutupan tan sinungan dhahar | duka sang nata kalbune | tan duka karsanipun | arinisun ki adipati | nulya kinèn ngaturan | toya lawan sêkul | atanapi dhêdhaharan | ikang tuguk mêmit[3] sadaya samya jrih | sang nata nulya dhahar || |
| 06.021 | lawan garwa ratu pramèsyari | Ciyungwanara tilik kang rama | mau akèh sêsambète[4] | mêngko kèndêl sang prabu | pa karane Ki Ciyung prapti | kang rama ibu nedra | andhêcah kadulu | dhêdhaharan sêkul ulam | lakung bêndu ikang kêmit dèn tibali | sapa asung dhêdharan || |
| 06.022 | mara rama dening wani-wani | ikang têga umatur sadaya | raka paduka sang rajèng | Ciyungwanara bêndu | nora kêna ginawe bêcik | nulya sowan kang raka | prapta wus aluguh | punapa kangmas andika | ikang asung adhahar ing ma aji |[5] iya yayi mas iwang || |
| 06.023 | pa karane yayi rama aji | sira pilara gêdhong wêsi ka | nora sinung dhahar mangke | isun yayi tan asung | nora ilok ari [[f. 39r]: a...ri] sun yayi | kang rayi aturira | midêla rumuwun | lagya kêna panagihan | nora bina trêsnanira lawan mami | dhumatêng kajêng[6] rama || |
| 06.024 | ora yayi ala ucapnèki | kêna ora kênaa sun têdha | sanadyan anaa sisipe |[7] isun ika[8] mêngku |[9] uculêna rama kiyai | kakang tan pawèh kula | maksa sang aprabu | Ciyungwanara bramatya | makatêna kaka ji tan asih kami | asih ing kajêng rama || |
| 06.025 | yèn makatên kalu[10] pati mami | tumut rama ji nagri kula têdha |[11] sami dèn nak-anakake | gêntosa madêg ratu | sun sumăngga yayi sapalih | nging uculna ramanya | Ki Ciyung tan ayun | anêdha nagri sadaya | nadyan kabèh nagari ingsun lilani | uculna ramanira || |
| 06.026 | ingsun agêng saking ing rama ji | dadya nata barkate jêng rama | Ki Ciyung sangêt rutike[12] | wadana bang lir marus | jajanira lir mêtu gêni | manira datan suka | yèn pinaksa nuwun | nugra widni[13] narik wênang | sampun kenging sapudhêndha dewa luwih | luputa ngila-ila || |
| 06.027 | lan luputa nêgih tulak sarik | sapa rosa aduwe nagara | isun tan mêngkono mangke | nging uculna ramamu | yèn tan awèh isun tan wêdi | payo sira rêbuta | ngadu tosing balu[14] | kandêlan kulit karosan | karsanira yayi isun angladèni | ya payo padha dibya || |
| 06.028 | besuk wani mêngko [[f. 39v]] nora wêdi | adan campuh rame bratayuda | anrêg-asinêrg arame | anuduk anduk dinuk | ganti nubak pêdhang amiling | rêrêg asilih dugang | kganti[15] kasidêkung | gêgaman rêmpu sadaya | tan nêdhasi samya prawirane kalih | kêsêl prasamya raryyan || |
38–39 dari 206
| 1 | angaturi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.19.1). (kembali) |
| 2 | ilokake (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.19.3). (kembali) |
| 3 | kêmit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.20.9). (kembali) |
| 4 | sêsambate (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.21.3). (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ikang asung adhahar ing rama aji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.22.9). (kembali) |
| 6 | kangjêng (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.23.10). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nadyan anaa sisipe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.24.3). (kembali) |
| 8 | ingkang. Bandingkan: ikang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.24.4). (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: isun ikang amêngku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.24.4). (kembali) |
| 10 | kolu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.25.1). (kembali) |
| 11 | Lebih satu suku kata: tumut rama nagri kula têdha. (kembali) |
| 12 | runtike (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.26.3). (kembali) |
| 13 | Widi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.26.8). (kembali) |
| 14 | balung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.27.7). (kembali) |
| 15 | ganti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.28.7). (kembali) |