Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 42
39 dari 206
381–390 dari 2.057
| 06.023 | pa karane yayi rama aji | sira pilara gêdhong wêsi ka | nora sinung dhahar mangke | isun yayi tan asung | nora ilok ari [[f. 39r]: a...ri] sun yayi | kang rayi aturira | midêla rumuwun | lagya kêna panagihan | nora bina trêsnanira lawan mami | dhumatêng kajêng[1] rama || |
| 06.024 | ora yayi ala ucapnèki | kêna ora kênaa sun têdha | sanadyan anaa sisipe |[2] isun ika[3] mêngku |[4] uculêna rama kiyai | kakang tan pawèh kula | maksa sang aprabu | Ciyungwanara bramatya | makatêna kaka ji tan asih kami | asih ing kajêng rama || |
| 06.025 | yèn makatên kalu[5] pati mami | tumut rama ji nagri kula têdha |[6] sami dèn nak-anakake | gêntosa madêg ratu | sun sumăngga yayi sapalih | nging uculna ramanya | Ki Ciyung tan ayun | anêdha nagri sadaya | nadyan kabèh nagari ingsun lilani | uculna ramanira || |
| 06.026 | ingsun agêng saking ing rama ji | dadya nata barkate jêng rama | Ki Ciyung sangêt rutike[7] | wadana bang lir marus | jajanira lir mêtu gêni | manira datan suka | yèn pinaksa nuwun | nugra widni[8] narik wênang | sampun kenging sapudhêndha dewa luwih | luputa ngila-ila || |
| 06.027 | lan luputa nêgih tulak sarik | sapa rosa aduwe nagara | isun tan mêngkono mangke | nging uculna ramamu | yèn tan awèh isun tan wêdi | payo sira rêbuta | ngadu tosing balu[9] | kandêlan kulit karosan | karsanira yayi isun angladèni | ya payo padha dibya || |
| 06.028 | besuk wani mêngko [[f. 39v]] nora wêdi | adan campuh rame bratayuda | anrêg-asinêrg arame | anuduk anduk dinuk | ganti nubak pêdhang amiling | rêrêg asilih dugang | kganti[10] kasidêkung | gêgaman rêmpu sadaya | tan nêdhasi samya prawirane kalih | kêsêl prasamya raryyan || |
| 06.029 | sampun aso sigra maprang malih | samya mamrih lir rêntang patala | yèn kajêmur ngrok syarane | parêng mêmanah anduk | rêrêg kandhêg mamêluk sami | kapalindhis lèn kêna | ambithya manaut | malah aminaut padha | kapicèlu tangkêp wimara prang duk-dinuk padha mrih |[11] kangsi tikêling watang || |
| 06.030 | rêmpuning pêdhang kantar nibani | jatra panah gada piling gantya | dhupak-dhinupak arame | kajêrmur[12] nulya gêlut | marawasa mapan aganti | lir kadya pagilingan | anyarad sinêrud | uwal kêsêl samya raryan | apapagan malih padha silih ukih | duk-dinuk marêng nyakra || |
| 06.031 | aga kapya asilih ukih |[13] midêr parêng pan padha lagawa | samya widagda prang amrèh | cidran-cinidran gupuh | kang raka sèp lagya katitih | ikêt pigang[14] kacandhak | binucal Sêsuruh | tandya tiba ing Cilowa | alah yayi payo aso sayah mami | tan purun Ciyung nyandhak || |
| 06.032 | kang raka Suruh binucal malih | tiba cepor cinandhak wus binucal |[15] tiba Maospait mangke | samyaso kalih iku | raka rayi kalêsyan sami | ana kayu satugal | pinêthik wohipun [[f. 40r]: woh...ipun] | kalihe sami adhahar | pan maja na raosing woh kang sawit |[16] winastan Wilatikta || |
39 dari 206
| 1 | kangjêng (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.23.10). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nadyan anaa sisipe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.24.3). (kembali) |
| 3 | ingkang. Bandingkan: ikang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.24.4). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: isun ikang amêngku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.24.4). (kembali) |
| 5 | kolu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.25.1). (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata: tumut rama nagri kula têdha. (kembali) |
| 7 | runtike (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.26.3). (kembali) |
| 8 | Widi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.26.8). (kembali) |
| 9 | balung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.27.7). (kembali) |
| 10 | ganti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.28.7). (kembali) |
| 11 | Lebih empat suku kata. Bandingkan: kapicèlu tangkêp mara dinuk mya [myang] mrih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.29.9). (kembali) |
| 12 | kajêmur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.30.4). (kembali) |
| 13 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: agêgapya myang asilih ukih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.31.1). (kembali) |
| 14 | pinggang. (kembali) |
| 15 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tiba cepor cinandhak binucal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.32.2). (kembali) |
| 16 | Kurang satu suku kata: apan maja na raosing woh kang sawit. (kembali) |