Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 42
39–40 dari 206
387–396 dari 2.057
06.029 sampun aso sigra maprang malih | samya mamrih lir rêntang patala | yèn kajêmur ngrok syarane | parêng mêmanah anduk | rêrêg kandhêg mamêluk sami | kapalindhis lèn kêna | ambithya manaut | malah aminaut padha | kapicèlu tangkêp wimara prang duk-dinuk padha mrih |[1] kangsi tikêling watang ||
06.030 rêmpuning pêdhang kantar nibani | jatra panah gada piling gantya | dhupak-dhinupak arame | kajêrmur[2] nulya gêlut | marawasa mapan aganti | lir kadya pagilingan | anyarad sinêrud | uwal kêsêl samya raryan | apapagan malih padha silih ukih | duk-dinuk marêng nyakra ||
06.031 aga kapya asilih ukih |[3] midêr parêng pan padha lagawa | samya widagda prang amrèh | cidran-cinidran gupuh | kang raka sèp lagya katitih | ikêt pigang[4] kacandhak | binucal Sêsuruh | tandya tiba ing Cilowa | alah yayi payo aso sayah mami | tan purun Ciyung nyandhak ||
06.032 kang raka Suruh binucal malih | tiba cepor cinandhak wus binucal |[5] tiba Maospait mangke | samyaso kalih iku | raka rayi kalêsyan sami | ana kayu satugal | pinêthik wohipun [[f. 40r]: woh...ipun] | kalihe sami adhahar | pan maja na raosing woh kang sawit |[6] winastan Wilatikta ||
06.033 sampun aso tandya maprang malih | butêng sêngit parêng ngakat gada | marêngi parêng galake | wor sindhung riris riwut | pan kotbuta gêlap anitir | pracalita angadhang | bumi sadonyèku | obah tang widik thathitnya | awilêtan gêntêr patêr asanggani | mênga sang kamadhala ||
06.034 sol tang maedra[7] mabyaning |[8] jalanidi sigra parêng nubak | mêdhang tuwin padha lagawa ngrok |[9] medra[10] nguliling dêkung | parêng nyakra nora wigati | mawantahe agêlah | katêmbung kasurung | kang rayi sampun kacandhak | dipun buwang Ciyungwanara kabanting | tiba anèng Babakan ||
06.035 nutên[11] cinandhak binucal malih | tiba Sadhong cinandhak binucal | tiba Cirobèt arane | binucal malih maprung[12] | tiba Kapakuhan rannèki | kalihe sami sayah | sami rèrèn wau | wus aso malih papêrang | lakung rame tan ana kasoran sami | rèrèn ing Kayujajar ||
06.036 ikang raka nèng wetan kang rayi | anèng kulon sami sayahira | gêgaman wus rêmpu kabèh | wus aso nulya tarung | nora ngago gêgaman sami | padha tangan kewala | aramya prangipun | nora nana kang kasoran | dènnya gêlut mangèn dhatêng Cipalih |[13] sayah nulya rêmbagan ||
06.037 tanpa wêkas arinisun iki | sira lan isun măngsa na kalah | tuwas angrusak wong akèh | dadi [[f. 40v]] ragarèku[14] |[15] ing nagara kang rayi bakti | sumăngga rêmbag dika | kang raka amuwus | yèn rêmbag payo aseba | marang rama sarèhe tinurut yayi | dhenga ikang bêjaa ||
06.038 nanging aja sawala ing kapti | igih kangmas kawula arêmbag | kêkanthèn asta lakune | wus prapta prênahipun | gêdhong wêsi prasamya bakti | rama ji nuwun sabda | rèh paduka ulun | gèn aba rêbat nagara | tanpa wêkas mangke sungga[16] karsa ji |[17] sitên ikang kalilan ||
39–40 dari 206

 


Lebih empat suku kata. Bandingkan: kapicèlu tangkêp mara dinuk mya [myang] mrih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.29.9). (kembali)
kajêmur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.30.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: agêgapya myang asilih ukih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.31.1). (kembali)
pinggang. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: tiba cepor cinandhak binucal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.32.2). (kembali)
Kurang satu suku kata: apan maja na raosing woh kang sawit. (kembali)
maendra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.34.1). (kembali)
Bandingkan: sol tang maendra mabyaniraning (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.34.1). (kembali)
Lebih dua satu suku kata. Bandingkan: pêdhang padha lagawa ngrok (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.34.3). (kembali)
10 mendra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.34.4). (kembali)
11 nuntên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.35.1). (kembali)
12 mamprung (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.35.4). (kembali)
13 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dènnya gêlut mangèn dhumatêng Cipalih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.36.9). (kembali)
14 raganirèku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.37.4). (kembali)
15 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dadi raganirèku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.37.4). (kembali)
16 sumăngga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.38.9). (kembali)
17 Kurang satu suku kata. Bandingkan: tanpa wêkas mangke sumăngga karsa ji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 6.38.9). (kembali)